Jumat, 24 Agustus 2012

Sakabatipun Gusti


Waosan : Yokanan  1: 35-44.
Pamuji  : KPK  71 : 1, 3

Nats: “Panjenengane pinanggih karo Filipus, banjur ngandika : “Melua Aku!” (ay. 43)
Nalika kula taksih bocah, kula nate dipun wulangi lagu Mangga Ndherek Gusti kaliyan para pamong. Kinten-kinten mekaten, “Mangga sami ndherek Gusti, mangga sami ndherek Gusti, Gusti Yesus Juru Wilujeng, mangga, mangga sami ndherek Gusti”. Lagu punika prasaja kemawon, ananging sae tegesipun. Lumantar lagu punika kula dipun ajak ndherek Gusti Yesus ingkang dados Juru Wilujengipun manungsa. Gusti Allah karsa nimbali umat kagunganipun punika warni-warni marginipun. Wonten ingkang wiwit lair sampun Kristen karana tiyang sepuhipun Kristen. Wonten ingkang sampun dewasa dados tiyang Kristen. Piyambakipun dados Kristen karana ngraosaken sih rahmatipun lan pitulunganipun Gusti Allah. Wonten malih tiyang dados Kristen karana nyekseni tumindak gesangipun tiyang Kristen ingkang sae.
Waosan ing wekdal punika nyariosaken bab Gusti Yesus nimbali para sakabatipun ingkang wiwitan. Paseksinipun Yokanan nyebataken proses anggenipun Gusti Yesus miji dhateng para sakabatipun ingkang wiwitan. Andreas ingkang saderengipun dados sakabatipun Yokanan, dados sakabatipun Gusti Yesus ingkang sepisan, sasampunipun mireng paseksinipun Yokanan bilih Gusti Yesus punika mendanipun Allah. Mekaten ugi Simon Petrus pitados lan dados sakabat selajengipun karana mirengaken paseksinipun Andreas bilih Gusti Yesus punika Sang Mesih. Namung Filipus ingkang langsung dipun timbali dening Gusti Yesus dados sakabatipun.
Kita sedaya punika kagolong para sakabatipun Gusti Yesus. Selaku sakabat tamtunipun kita sampun ngraosaken kasaenan, sih rahmat lan pakaryanipun Gusti Yesus ingkang ngedab-edabi. Nalika Gusti nimbali kita, kita janji badhe ngetut wingking Gusti selamining gesang kita. Janji kita dhateng Gusti punika kedah kita buktekaken wonten ing gesang kita sadinten-dinten. Dados sakabatipun Gusti Yesus punika ugi dados seksinipun Gusti ingkang mawartosaken bab sih rahmatipun Gusti, bab pakaryanipun Gusti saha bab dhawuh pangandikanipun Gusti. Kita para sakabatipun Gusti mangga mbangun gesang ingkang sembada kaliyan karsanipun Gusti, ingkang nuwuhaken kasaenan kagem tiyang kathah, tuwin nyariosaken bab Gusti Yesus klayan sadaya sih rahmat lan pakaryanipun. (AR)
“Sakabatipun tiyang sae mesthi remen nyariosaken kasaenaning sakabatipun”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar