Sabtu, 04 Agustus 2012

Mbrastha Tindak Durjana


Waosan: Matius 14 : 1 – 12
Saben-saben kita mireng utawi ningali tindak durjana ing tengahing masyarakat manah kita rumaos gregeten, utawi nalangsa lan ajrih. Kados kadurjananipun para teroris, geng motor, brandhal, lsp. Kita ngajeng-ajeng supados para durjana punika kapatrapana pidana ingkang awrat, utawi malah katumpesa pisan. Punapa malih yen tindak durjana punika nempuh dhateng greja, pasamuwan utawi kulawarga kita, saya nggrantes raosing manah kita, bokmanawi kita ngajeng-ajeng Gusti enggal numpes para durjana punika. Raos-pangraos makaten punika nggih limrah kemawon, manusiawi. Awit sinten ingkang boten gregeten lan nalangsa nyumurupi tindak durjana.
Lah makaten punika rupinipun ingkang dipun alami lan dipun raosaken dening para sakabatipun Nabi Yokanan. Tamtunipun para sakabat punika rumaos gregeten nalika gurunipun dipun kunjara karana melehaken Herodes ingkang tumindak durjana ngrebat garwaning Filipus, sadherekipun. Tamtu kita sagedmembayangkan saiba nggrantes, nalangsa lan sedhihing manahipun para sakabat punika nalika mireng bilih guru panutanipun dipun sedani srana kapagas jangganipun.
Awit saking punika para sakabat punika lajeng sowan ngarsanipun Gusti Yesus ngaturaken bab punika. Bokmanawi para sakabat punika sowan kalawan pangajeng-ajeng supados Gusti Yesus, ingkang kagungan pangwasa linangkung, karsa malesaken sedanipun nabi Yokanan, karsa numpes tindak durjana punika. Nanging jebul Gusti Yesus boten tumindak punapa-punapa. Ing ayat candhakipun katingal bilih Gusti Yesus ugi ngalami kasisahan, arsa sumingkir miyambak. Marginipun Gusti Yesus mbrastha tindak durjana inggih punika srana paring piwucal kautaman dhateng tiyang kathah, boten srana nindakaken utawi mimpin pemberontakan dhateng pamarintah.
Dados yen kita rumaos gregeten, nggrantes lan nalangsa ningali lan mireng tindak durjana, kita cekap medharaken piwucal kautaman dhateng sadaya anak, putu, sadherek, tetanggi lan tepangan kita, lan sintena kemawon; boten prelu nindakaken pemberontakan. Kita brastha tindak durjana srana margi utami kados ingkang dipun tedahaken dening Gusti Yesus. [ST]
“Kabrasthaa tindak durjana srana margi utami!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar