Senin, 06 Agustus 2012

Pangwasa Punika Peparing


Waosan: Daniel 7 : 9 – 10, 13 – 14
Nats: “…tumuli kaparingan pangwaos lan kaluhuran…” (ay. 14a)
Kathah tiyang ingkang rumaos gadhah pangwasa lajeng tumindak dak sawenang-wenang, sapikajengipun piyambak. Sami boten enget dhateng sangkan paraning pangwasa punika.
Nabi Daniel pinaringan wahyu (penglihatan) meca (bernubuat) bab pangwasa lan kaluhuranipun Putraning Manusa, nenggih Gusti Yesus. Anggenipun Nabi Daniel saged medharaken pameca punika karanakaparingan wahyu dening Allah, boten karana kasagedan lan kapinteranipun piyambak.
Makaten ugi sagung pangwasa lan kaluhuran ingkang dipun darbeki dening Putraning Manusa inggih peparingipun Sang Sepuh ing Yuswa, nenggih Allah piyambak. Inggih awit saking peparing punika Putranipun Manusa saged nindakaken sadhengah prakawis ingkang ngedab-edabi. Pramila saking punika saben-saben Gusti Yesus nindakaken pakaryanipun tansah ngandika bilih sadaya punika awit saking karsanipun Allah ingkang ngutus Penjenenganipun. Ingkang punika, Gusti Yesus tansah matrapaken pangwasanipun kanthi andhap asor, boten kumalungkung angagungaken dhiri. Sarana patrap makaten Panjenenganipun pinaringan kaluhuran. Pramila tiyang kathah sanget sami kasengsem dhateng Panjenenganipun.
Duka kathah utawi sakedhik, ageng utawi alit kita ugi nggadhahi pangwasa lan kaluhuran punika. Umpanipun ing tengahing brayat kita nggadhahi pangwasa tumrap semah lan anak; wonten ing kantor, masyarakat, utawi wonten ing greja / pasamuwan. Sadaya pangwasa kita punika peparingipun Gusti Allah. Pramila saking punika, anggen kita ngecakaken lan matrapaken pangwasa punika kedah kita tindakaken kanthi sumuyud dhateng Ingkang Maringi, nenggih Gusti Allah piyambak, klayan tumenga dhateng Kang Maha Kawasa. Kita boten dipun parengaken dening Gusti Allah, dupeh kita nggadhahi pangwasa, lajeng tumindak dak sawenang-wenang. Kosokwangsulipun, kados dene ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus, kita kedah ngetrapaken pangwasa punika kanthi andhap asor, klayan katresnan lan alusing pangucap lan budi. [ST]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar