Jumat, 10 Agustus 2012

Luber


Waosan: 2 Korinta 9: 6-10 (8).
Pamuji: KPK 35
Krisis ekonomi saha pengaruh indhak-indhakaning regi BBM ingkang dumugi sapunika dereng saged karampungaken njalari gesang kraos mbingungaken lan awrat sanget. Punapa malih biaya pendidikan saya dangu saya mindhak-mindhak awis, mila kathah sanget tiyang ingkang nyuda medaling arta.
Lajeng kados pundi kawontenan cacahing pisungsung ing greja? Racakipun tumut suda punapa boten? Menawi pancen tetep utawi malah saya mindhak, ateges para warganing pasamuwan mangertos dhateng berkahipun Gusti ingkang luber.
Pancen cetha bilih berkahipun Gusti punika luber sanget katitik wiwit kita tangi enjang ngantos tangi enjang malih ing dinten candhakipun, tamtu kita boten saged ngetang sapinten agengipun Sih Rahmatipun Gusti.
Saged tilem, nampi kasarasan, saged dhahar punapa kemawon lan sakpanunggilipun kemawon ateges punika sadaya inggih peparingipun Gusti. Conto sakedhik kalawau nelakaken kados pundi menawi kita boten saged tilem, tamtu badan sakit sedaya. Dereng malih menawi badhe dhahar menika dipun watesi, dhahar menika boten pareng, tamtu kita lajeng nyumurupi saiba bingahipun menawi sehat. Kasarasan lan kasaenan menika peparingipun Gusti piyambak. Punapaa kemawon ingkang kaparingaken dening Gusti dhateng kita boten namung supados kita nikmati piyambak, nanging supados kita sugih ing sagunging tumindak utami utawi kasaenan.
Lha menawi sadaya kesaenan, kesehatan lan sapanunggilipun menika sampun kaparingaken, kita saged ngagem sadaya menika dados modal kangge nglampahi kesaenan. Paring pambiyantu dhumateng tiyang sanes, ugi pambiyantu ing antawisipun pasamuwan. Alesanipun, kita punika sapatunggilan ing Sang Kristus ingkang kedah tulung-tinulung ing bot repot.
Samangke sumangga sami ngengeti malih sadaya peparingipun Gusti ingkang sampun tumanduk dhateng gesang kita! Lajeng, sumangga ngengeti punapa wit saking sadaya peparingipun Gusti kalawau tindak-tanduk kita sampun dados saya utami? [Dwt]
“Kita pinaringan supados tindak-tanduk kita dados saya utami”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar