Kamis, 02 Agustus 2012

Owah-Owahane Urip


Waosan: Yeremia 18 : 1 – 6.
Pamuji: KPK 163.

Nats: “… banjur mangun grabah iku maneh kadadekake grabah liyane, kang inganggep becik…” (ay. 4b)
Boten sakedhik tiyang ingkang mungel: “nek watuk kena diobati, ning nek watak ora ana obate”. Tegesipun tiyang nganggep bilih watak punika boten saged dipun owahi. Malah wonten ingkang ngucap “aku iki ya wis ngene iki,” utawi “wong kui ya wis ngono kui.” Kaanggep bilih dipun kadosa pundi, naminipun watak punika nggih panggah kemawon. Punapa pancen makaten?
Waosan kita dinten punika nedahaken dhateng kita bilih gesanging manusa ing astanipun Gusti Allah punika kados dene grabah (bejana) wonten ing tangane kundhi (tukang periok). Samangsa lempung (bakal grabah) punika risak, lajeng kawangun dados grabah sanesipun. Tegesipun, yen watakipun manusa punika risak dados boten sae, Gusti Allah badhe ndandosi lan kawangun malih dados sae. Tamtu kemawon anggenipun kundhi (Gusti Allah) ndandosi lan ngowahi grabahipun (wataking manusa) mbetahaken proses ingkang boten prasaja, boten gampil.
Dados watakipun manusa cetha saged owah. Kados dene saged owah saking sae dados awon, makaten ugi saged owah saking awon utawi risak dados sae. Tamtunipun kita lan sadaya tiyang kepingin watakipun saged dados sae utawi saya sae. Karana kita yakin bilih yen watak kita dados sae, gesang kita ugi badhe sae lan saya sae.
Mawarni-warni marginipun Gusti ndandosi lan ngowahi watak kita. Kadhang kala proses owah-owahaning watak lan gesang kita boten prasaja, boten gampil, bokmanawi malah nyakitaken. Mawarni-warni kedadosan ingkang kita alami, kaagem dening Gusti, kedahipun ndamel watak kita ngalami owah-owahan dados saya sae. Nanging kadhang kita tetep wangkot, boten purun owah, karana kita nganggep “aku iki ya wis ngene iki.” Kita dipun proses dening Gusti, nanging kita boten puru. Pramila, saben kita ngalami kedadosan ingkang boten limrah, swawi kita penggalih watak kados pundi ingkang kedah kita owahi dados langkung sae. [ST]
“Tiyang ingkang purun owah dados sae gesangipun dados sae lan piguna”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar