Selasa, 14 Agustus 2012

Kados Bocah


Waosan  : Matius 18 : 1 – 5, 10 – 14.
Pamuji : KPK  288:  1, 3

Nats: “Dadi sing sapa ngesorake awak lan dadi kaya bocah cilik iki, yaiku kang pinunjul ana ing Kratoning Swarga” (ay. 4)
Wonten ingkang nggambaraken lare alit utawi bocah kados kertas putih ingkang resik, polos lan dereng kenging coretan punapa-punapa. Saking bocah punika kita saged sinau bab kajujuran, karukunan lan kabecikan. Jujur karana bocah punika polos, wicanten punapa wontenipun, boten nate goroh. Rukun karana bocah alit punika boten nyimpen raos dendam dhateng kanca rencangipun senadyan nate padu, tukaran. Becik karana bocah punika manut miturut dhateng tiyang sepuhipun.
Kados dhawuh pangandikanipun Gusti wekdal punika, Gusti Yesus paring piwucal dhateng para sakabatipun lumantar gegambaran lare alit. Nalika semanten para sakabat sami sowan ing ngarsanipun Gusti Yesus sarta ngaturaken pitakenan, ”Sinten ta ingkang pinunjul wonten ing Kratoning Swarga punika?”Saking pitakenan punika Gusti Yesus paring wangsulan tiyang ingkang lumebet ing Kratoning Swarga inggih punika tiyang ingkang purun mratobat, ngasoraken dhiri lan nglampahi gesangipun kados lare alit punika.  Gusti Yesus ugi ngandika supados ing antawisipun para sakabat sampun ngantos ngremehaken bocah punika, karana dhateng sinten kemawon ingkang nampi bocah punika ateges nampi Gusti Yesus piyambak.
Gegambaran lare alit ingkang dados piwucalipun Gusti Yesus punika, paring pangertosan kangge kita. Kaping sepisan, kita kedah jujur utawi blaka dhateng Gusti lan sesami. Kita jujur ngakeni sakathahing dosa-dosa kita dhateng Gusti. Kita jujur bilih gesang kita punika dereng sampurna, kathah kakiranganipun, pramila kita tansah nyenyuwun supados dipun paringi kakiyatan lan kasagedan kangge nglampahi gesang ingkang mbangun turut dhateng timbalanipun Gusti. Kaping kalih, kita kedah rukun kaliyan sintena kemawon. Sampun ngantos wonten raos dendam, sengid, kuciwa dhateng sesami punapa malih dhateng Gusti. Kaping tiganipun, kita puruna nindakaken kabecikan, sanes karana kasaenan kita, ananging karana Gusti Allah sampun nresnani lan maringi sih rahmatipun dhateng kita. (AR)
“Watak jujur, rukun lan becik kedah dados watakipun tiyang pitados”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar