Waosan : Rum 11 : 13 – 24
Pamuji : KPK 134
Nats : “Iya bener! Anggone padha dikethoki iku, awit saka anggone ora pracaya, lan kowe anggonmu tetep iku marga saka pracaya. Kowe aja kumalungkung, aluwung wedia!” [ayat 20]
Pamuji : KPK 134
Nats : “Iya bener! Anggone padha dikethoki iku, awit saka anggone ora pracaya, lan kowe anggonmu tetep iku marga saka pracaya. Kowe aja kumalungkung, aluwung wedia!” [ayat 20]
Dados tiyang ingkang dipun
pitados kangge ngemban satunggaling jabatan utawi kawenangan punika pancen
boten gampil. Awit asring kaganggu dening panggoda ingkang nggiring tiyang
dhateng tumindak ‘penyalah gunaan’ jabatan saha boten malih ngajeni sesaminipun.
Kados sampun dados watakipun manungsa bilih manungsa punika gampil sanget
kaseret dhateng sikap ‘adigang-adigung-adiguna’ nalika nggadhahi kawenangan
satemah kesupen dhateng ‘amanah’ ingkang kapitayakaken dhateng piyambakipun.
Warganing pasamuwan ing Rum
punika umumipun sanes saking bangsa Yahudi. Pramila tamtu ugi nggadhahi sipat
saha adatipun piyambak ingkang rupinipun gampil ‘nganggep asor’ tiyang sanes
ingkang boten saged nggayuh babagan kados piyambakipun. Satemah nalika dados
tiyang Kristen malah gumunggung lan nganggep asor tiyang Yahudi ingkang taksih
nampik sih kanugrahanipun Gusti Yesus Kristus. Pramila lajeng kesupen saha
nglirwakaken punapa ingkang dados kuwajibanipun warganing pasamuwan inggih
punika supados medharaken sih katresnan lan andum berkah dhateng sesami. Nadyan
kadosa pundi awonipun, bangsa Yahudi punika dados lantaran kababaring sih
rahmatipun Allah dhateng tiyang Rum. Pramila sih rahmatipun Allah punika kedah
terus kawartosaken dhateng tiyang-tiyang Yahudi. Rasul Paulus ngengetaken
dhateng pasamuwan supados boten gumunggung. Kosok wangsulanipun malah kedah
ajrih asih dhumateng Gusti saha mangun pasamuwan ingkang lembah ing manah lan
kebak ing katresnan minangka wujuding gesang ingkang enggal wonten ing Sang
Kristus. Mesthi wonten tiyang-tiyang ingkang dados lantaran kita nampeni
sih rahmatipun Gusti Allah. Contonipun: tiyang sepuh dados lantaran kita gesang
ing alam donya. Tiyang sepuh utawi tiyang sanes dados lantaran anggen kita
nampeni sih karahayonipun Gusti Yesus. Kita dipun pitados dening Gusti Yesus
Kristus supados dados pandherekipun ingkang setya mbabar katresnan dhateng
sesami wonten ing pundi-pundia panggenan saha wonten ing sadaya babagan
pakaryan kita klayan lembah manah. [AK]
“Ngajenana wong kang dadi lantaran kababare sih rahmate Allah!”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar