Selasa, 26 Maret 2013

Ngetut Wingking Gusti Yesus


Waosan : Yokanan 12 : 20 – 36
Pamuji : KPK 86 : 1,3
Nats : “Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi PadununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga.” [ayat. 26]
Biasanipun tiyang niru-niru tindak-tandukipun tiyang sanes ingkang dados idolanipun. Conto: anak ingkang ngidolakaken bapanipun. Piyambakipun badhe niru sikap lan tumindaking bapanipun. Bapanipun dipun dadosaken idola karana piyantunipun sabar, tanggel jawab, lan seken anggenipun makarya, pramila anak punika bangga dhateng bapanipun lan nuladhani sikap lan tumindakipun ingkang sae. Conto sanesipun wonten tiyang ingkang idolanipun Syahrini. Tiyang punika asring niru pola tingkahipun Syahrini wiwit saking gaya, model rasukan, model rambut ngantos model sepatunipun. Ngantos-ngantos cara anggenipun wicanten ugi dipun tiru. Babagan anggen kita nggadahi idola punika sae kemawon selami punika bekta pengaruh ingkang positif kangge kita.
Gusti Yesus mangertos anggenipun makarya ing donya sampun dumugi titi mangsanipun. Panjenenganipun mangertos bilih sekedhap malih badhe nandhang sangsara, dipun kuya-kuya lan seda kangge nebus dosaning manungsa. Pramila Panjenenganipun dhawuh dhateng para sakabatipun bab kasangsaran ingkang badhe dipun sandhang. Gusti Yesus ngiyataken para sakabatipun supados tetep nunggil kaliyan Gusti Allah, sami ngetut wingking dhateng Panjenenganipun. Gusti Yesus ugi dhawuh supados para sakabat gesang ing pepadhang, netepi punapa ingkang dados piwucalipun.
Ndherek Gusti Yesus ateges kita tansah nuladha dhateng Panjenenganipun. Punapa ingkang dados tindak-tandukipun Gusti Yesus ing bab katresnan, kasetyanipun dhateng Gusti Allah Sang Rama, pangorbananipun kangge manungsa kedah kita tiru. Kita ngetut wingking dhateng Gusti Yesus, ateges punapa ingkang dados piwucal lan pangandikanipun kita tindakaken wonten gesang kita sadinten-dinten. Kita nresnani sesami kita kanthi tulusing manah. Kita tansah setya dhateng Gusti, brayat, pendamelan, sarta pasamuwanipun Gusti. Mekaten ugi kita purun ngorbanaken tenaga, wekdal, gesang kita kagem Gusti. Sedaya punika kita tindakaken kanthi manah ingkang kebak kabingahan. Mangga kita dadosaken Gusti Yesus boten namung idola kemawon ananging dados sumbering gesang, sumbering kakiyataning gesang kita. [AR]

“Ngetut wingking Gusti Yesus ateges lumampah ing kayekten.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar