Sabtu, 30 Maret 2013

Gesang Klayan Pengajeng-ajeng


Waosan : Ayub 14 : 1 – 12
Pamuji : KPK 156 : 1,2,3,4
Nats : “Punapa nate wonten tiyang resik katuwuhaken dening tiyang jember? Satunggal kemawon temtu boten wonten!”[ayat 4]
Adhedhasar pengalamanipun, Ayub ngakeni bilih gesangipun manungsa punika estu cekak lan boten wonten tiyang ingkang saged tangi malih saking pejahipun. “Punapa nate wonten tiyang resik katuwuhaken dening tiyang jember (kotor)? Satunggal kemawon temtu boten wonten!”. Ungkapan punika ugi nggadhahi arti bilih mokal bab ingkang murni asalipun saking bab ingkang boten murni. Ayub kepengin nglairaken pemanggihipun: yen pancen piyambakipun lepat, ing salaminipun badhe dipun anggep lepat. Ewasemanten Ayub ugi kepengin ngaturaken pitakenan ingkang boten kaucapaken: ‘Yen aku ora luput, apa Gusti Allah ya kersa ngendhegake anggone milara aku?’.
Miturut pamanggihipun Israel kina, pejah punika minangka pungkasaning pigesangan. Sak sampunipun pejah, mboten wonten punapa-punapa malih. Isining gesang kita punika rak maneka warni kedadosan ingkang ndadosaken gesang kita punika kebak ing ‘pasang-surut’. Wonten wekdalipun kita bingah lan kebak pengajeng-ajeng.Nanging wonten wekdalipun kita sedhih lan rumaos semplah.
Ing wekdal kita semplah, enget bilih:
§  Rancanganipun Allah tumrap kita punika rak rancangan tentrem rahayu lan sanes rancangan ingkang ndhatengaken bilai, supados kita nggadhahi gesang ingkang kebak ing pangajeng-ajeng ingkang becik tumrap masa depan kita (Yeremia 29:11).
§  Sang Kristus sampun wungu saking antawisipun tiyang pejah, artosipun pejah sanes pungkasaning gesang. Taksih wonten gesang enggal ingkang kebak kamulyan.
§  Ing titi wancinipun Gusti mesthi mitulungi kita uwal saking panandhang  kita.
Kathah tiyang sami rumaos semplah, sedhih lan dados korban, sami mbetahaken kawigatosan, pitulungan, welas asih, pangluwaran lan lubering berkah! Kadosa pundi kawontenan kita, sumangga atur kawigatosan, pitulungan, welas asih, pangluawaran lan berkahipun Gusti.Amin. [Esha]
“Kasusahan bakal dadi entheng yen dialami bebarengan”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar