Waosan : Rum 4 : 1 – 12
Pamuji : KPK 56 : 1,2,3
Nats : “Rahayu wong kang padha kaapura panerake, lan kang kaaling-alingan dosa-dosane; rahayu wong kang kaluputane ora kaetang dening Gusti Allah.” [ayat 7-8]
Pamuji : KPK 56 : 1,2,3
Nats : “Rahayu wong kang padha kaapura panerake, lan kang kaaling-alingan dosa-dosane; rahayu wong kang kaluputane ora kaetang dening Gusti Allah.” [ayat 7-8]
Rahayu utawi ‘bahagia’ artosipun inggih punika
kawontenan utawi raos bingah lan tentrem. Kathah perkawis ingkang saged
ndadosaken manungsa rumaos rahayu. Upaminipun, ngraosaken bahagia awit
brayatipun sami sehat, rukun, tansah kaparingan cekap, lsp. Wonten saperangan
tiyang ingkang nggadhahi pamanggih bilih bahagia punika relatif, kanthi ngucap:
lho, ukuran rahayu kanggo wong siji lan sijine rak ora padha ta? Pamanggih
punika pancen leres, awit beda ukuran kalawau badhe kedadosan menawi karahayon
(kebahagiaan) punika namung dipun ukur mawi perkawis-perkawis ingkang fana
(boten langgeng).
Dhawuhipun Gusti punika ngantebaken
perkawis-perkawis ingkang langgeng, ingkang mitulungi manungsa saged andarbeni
karahayon ingkang sami. Inggih punika srana ngakeni bilih:
§ Dhirinipun punika dados turunipun tiyang
pitados, saengga tandang damelipun cundhuk kaliyan statusipun minangka tiyang
ingkang pitados dateng Gusti. Rama Abraham kasebut dados tuladhanipun tiyang
pitados awit panjenenganipun tansah njagi sesambetanipun kaliyan Allah, klayan
nindakaken sedaya prentahipun, nadyan dipun utus ngorbanaken Iskak putranipun
minangka kurban obaran.
§ Dhirinipun punika gesang ing salebeting sih
kamirahanipun Gusti Allah. Awit Gusti kersa nganggep manungsa punika leres
boten karana tingkah-polahipun ingkang leres, ananging karana Panjenenganipun
sampun maringi pangapunten tumraping sedaya kalepatan lan dosa-dosanipun
manungsa.
§ Reka dayanipun manungsa ngupadi tandha-tandha
katon ingkang kaangkah dados jati dhirinipun minangka tiyang pitados,
malah saged nuwuhaken ‘tukar padu’ ing patunggilaning tiyang pitados. Rasul
Paulus ngantebaken bilih tetak (sunat) ingkang sejatos punika tetaking manah,
tetak rohani lan sanes tata cara lairipun.
Sumangga kita sami ikhtiyar, ngupadi lan
andarbeni kasugihan ingkang asipat langgeng, supados kita sami saged ngraosaken
karahayoning gesang. Amin. (Esha).
“Rahayu wong kang
lestari anggone ndherek Gusti Yesus.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar