Senin, 18 Maret 2013

Setya Ing Janji


Waosan : Rum 9 : 19 – 33
Pamuji : KPK 81 : 1,4
Nats : “Sabab apa kang wus kapangandikake, bakal tumuli katindakake dening Pangeran ana ing bumi, kalawan sampurna.” [ayat. 28]
Kathah janji-janji ingkang sampun kita ucapaken dhateng Gusti, dhateng semah, anak, tiyang sepuh, greja, negari, lsp. Sampun sapinten ingkang sampun kita tindakaken?  Tamtu kathah sanget prasetya utawi janji ingkang sampun kapangandikaken dening Gusti Allah. Sampun kathah ugi, kapara tanpa wilangan, prasetyanipun Gusti Allah ingkang sampun kasembadan. Pangandikanipun sampun katindakaken kanthi sampurna, tanpa cacat. Pancen pangandikanipun kathah ingkang kelampahan ing wekdal ingkang dangu, boten sanalika. Punika pancen miturut kawicaksananipun Gusti Allah piyambak ingkang boten saged dipun jajagi dening manungsa.
Ingkang dados masalah inggih punika manungsa boten rumaos lan boten saged nyumurupi bilih pangandikanipun Allah punika sampun katidakaken kanthi sampurna. Manungsa klentu penafsiran (panginten). Pamanggihipun manungsa benten kaliyan pamawasipun Gusti Allah. Pikiranipun manungsa benten lan boten saged njajagi kawicaksananipun Gusti Allah. Ingkang mesthi inggih punika punapa ingkang sampun kapangandikaken dening Gusti Allah katindakaken kanthi sampurna dhedhasar kawicaksanan lan katresnanipun dhateng sadaya titahipun. Gusti Allah boten nate lan boten badhe mblenjani prasetyanipun dhateng manungsa. Panjenenganipun punika Ratu ingkang tansah bawa leksana, tegesipun punapa ingkang kaucapaken mesthi kelampahan.
Saking katrangan waosan punika kita kawulang kalih prakawis:
1.     Tansah pitados bilih Gusti Allah tansah nindakaken sadaya ingkang kaangandikaken, ingkang kajanjekaken dhateng kita umat kagunganipun. Sampun kuwatos! Pitados mawon!
2.     Supados kita ugi tansah setya nindakaken janji-janji kita dhateng Gusti: nalika kita Sidi (Luwar Tanggung), neningkahan, mbaptisaken anak, lsp.
3.     Supados kita nindakaken janji-janji kita dhateng negari, greja, kantor padamelan lan dhateng tiyang sanes.
Gusti mesthi mberkahi umatipun ingkang bawa leksana, setya nindakaken janjinipun lan pangandikanipun Gusti. Amin. [ST]

“Wong setya ing janji mesthi binerkahan dening Gusti”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar