Waosan : Yusak 5 : 9 – 12
Pamuji : KPK 116 : 1,2
Nats : “Wong Israel dadine wus padha ora kaparingan mana maneh, nanging ing taun iku padha mangan pametune tanah Kanaan.” [ayat 12b]
Pamuji : KPK 116 : 1,2
Nats : “Wong Israel dadine wus padha ora kaparingan mana maneh, nanging ing taun iku padha mangan pametune tanah Kanaan.” [ayat 12b]
Saben tiyang sepuh anggenipun
gulawenthah anakipun tamtu tansah ngupaya kasaenan. Tiyang sepuh purun
ngorbanaken tenaga, wekdal lan materi kangge nyekapi kabetahaning anak. Sedaya
ingkang dipun tindakaken punika kadhasaran raos tresna dhateng anakipun punika.
Panyuwunipun tiyang sepuh dhateng anakipun sepele, supados anak bekti dhateng
tiyang sepuh lan migunani kangge sesaminipun. Nalika kita taksih bocah,
kita ugi ngraosaken katresnanipun tiyang sepuh dhateng kita. Kados pundi
perjuanganipun ngrimati kita ngantos diwasa.
Sih rahmat lan pangrimatipun
Gusti Allah dhateng bangsa Israel kados dene tiyang sepuh anggenipun ngrimati
anakipun. Nalika bangsa Israel ing tanah Mesir, Gusti Allah kersa ngluwari
bangsa Israel saking pangawulan bangsa Mesir. Nalika bangsa Israel medal saking
Mesir tumuju dhateng Kanaan, Gusti Allah ngirid lampahing bangsa Israel
nyebrang seganten Teberau kanthi wilujeng. Gusti Allah njagi bangsa Israel
saking mengsah-mengsahipun. Ing wanci siang dipun payungi mega, wanci dalu
dipun padhangi geni. Gusti Allah ugi paring tedhan arupi roti manna lan daging
puyuh. Sedaya punika nedahaken bilih saestu Gusti Allah tansah ngrimati
umatipun. Sareng manggen ing Kanaan, bangsa Israel boten nedha roti manna malih
nanging nedha saking hasil bumi ing tanah Kanaan.
Gusti Allah ngrimati umatipun
ngantos dinten punika. Wujud pangrimatipun Gusti punika, kita dipun berkahi
arupi pangan, sandang, papan, kita dipun cekapi kangge kabetahan saben dinten,
kita dipun paringi kakiyatan lan kasarasan sarta saged nindakaken pendamelan
kita. Brayat kita dipun kanthi, dipun paringi karukunan lan kabingahan. Sedaya
pangrimatipun Gusti punika wujud bilih Gusti Allah saestu nresnani kita.
Pramila, sampun was sumelang. Kosokwangsulipun kita kedah tansah saos sukur
dhumateng Gusti Allah. Wujud sokur kita punika, kita manut Pangandikanipun
Gusti, nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Mangga tansah rumaket
dhateng Gusti, kita pasrahaken sawetah gesang kita, lan kita pitados Gusti
Allah tansah ngrimati kita. [AR]
“Panuwun sokur nebihaken was sumelang.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar