Rabu, 06 Maret 2013

Netepi Angger-Angger


Waosan : Mateus 5 : 17 – 19
Pamuji : KPK 190 : 1 – 3
Nats : “TekaKu ora nyuwak (angger-angger), nanging malah nindakake.” [ayat. 17b]
Nalika kula dados tiyang manca (asing)  ing Tanzania (Afrika) kula wajib netepi angger-angger negari punika. Punapa malih tiyang Tanzania piyambak. Gusti Yesus, minangka tiyang Yahudi, rumaos (sadar) bilih Panjenenganipun kaiket ing tata gesang Yahudi. Ingkang punika Panjenenganipun ugi wajib tunduk dhateng angger-anggering Toret, wajib nindakaken angger-anggering Toret. Sanadyan Gusti Yesus punika Allah ingkang maringi angger-angger punika dhateng bangsa Yahudi, nanging sacara kamanungsan Panjenenganipun boten kebal hukum (bebas saking kawajibaning angger-angger).  Gusti Yesus kanthi temen-temen nyinau lan nindakaken angger-anggering Toret. Gusti Yesus boten namung netepi tata lairing angger-anggering Toret kemawon, nanging ngaosi lan netepi angger-angger punika ngantos sajiwanipun. Gusti Yesus netepi angger-angger punika boten kagem “kebenaran diri”, sanes kagem karaharjanipun piyambak, nanging kagem kawilajenganipun tiyang sanes, tiyang kathah.
Kita sadaya nggadhahi warni-warni status: minang warganing brayat tartamtu,  minangka warga Kratoning Swarga, minangka warganing greja (GKJW), minangka warganing lembaga (padamelan, partai politik, lsp) tartamtu, minangka warga negari Indonesia. Ingkang punika kita kaiket ing angger-anggering sadaya lembaga punika. Mokal kita saged uwal saking angger-angger, awit mokal kita saged uwal saking lembaga sosial, mokal gesang piyambakan. Ingkang punika kita wajib netepi angger-anggering lembaga ing pundi kita kaiket. Kita dipun paringi tuladha ingkang mulya dening Gusti Yesus kados pundi anggen kita netepi angger-angger. Sumangga kita kanthi sukarena tansah netepi angger-anggeringsadayalembagaing pundi kita kaiket, boten namung kagem kawilujengan kita piyambak, sanes kagem kesalehan pribadi, nanging langkung-langkung kagem kaharjanipun tiyang sanes, tiyang kathah. Swawi netepi peraturan lalu lintas, peraturan kantor, Tata lan Pranata GKJW, lsp. Boten patut nggadhahi pedoman: “sing penting aku slamet.” [ST]
“Angger-angger kaatetepaken murih karaharjanipun tiyang sadarum.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar