Kamis, 28 Maret 2013

Sumangga Manut Dhateng Gusti


Waosan : Pangentasan 12 : 1 – 14
Pamuji : KPK 8
Nats : ”Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsun mirsani getih mau, tindak Ingsun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelek kang mbilaeni, samangsa Ingsun nggebak marang tanah Mesir.” (ayat 13)
Pak Joko manahipun lagi bingah manggeni griya enggal kaliyan brayatipun. Boten namung ageng, nanging griya menika hawanipun asrep, amargi kathah wit-witan ing sakiwa tengenipun. Lah ingkang paling damel bingahing manah, brayatipun ugi kalebet brayat ingkang sehat. Hubungan sesamahan, makaten ugi hubungan tiyang sepuh kaliyan anak sae lan celak sanget.Ewasamanten, boten ateges brayat punika boten nate ngalami masalah (pakewed). Tamtu kathah perkawis saha panandhang ingkang dipun alami mataun-taun. Nanging brayatipun Pak Joko tansah sabar ngadhepi sedayanipun lan tansah manut kaliyan titahipun Gusti.
Cariyos ing nginggil kala wau nedahaken dhateng kita sedaya bilih menawi kita estu madhep mantep ndherek Gusti, boten wonten satunggal perkawis ingkang saged damel manah saha gesang kita semplah. Kathah tiyang ingkang semplah, amargi boten purun madhep mantep ndherek Gusti. Ingkang kawastanan madhep mantep ndherek Gusti, inggih menika tansah mlampah manut karsa saha titahipun Gusti. Sinaosa ketingalipun mokal, nanging titahipun Gusti menika tansah nenuntun gesanging manungsa. Kados dene ingkang dipun titahaken dening Gusti dhumateng bangsa Israel ing waosan kita dinten menika.
Nalika bangsa Israel manut dhumateng titahipun Gusti, bangsa Israel kaparingan kawilujengan gesang sesarengan kaliyan brayatipun. Menika cetha ing ayat 13 : Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsung mirsani getih mau, tindakingSun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelek kang mbilaeni, samangsa Ingsun nggebak marang tanah Mesir. Boten wonten kabingahan ingkang langkung ageng, tinimbang manut dhateng karsanipun Gusti. Sinaosa ketingal mokal, ananging mangga kita tansah pitados, bilih sedaya titahipun Gusti menika mesthi nyegeraken gesang kita. Amin. [Mbing]
“Madhep mantep ndherek Gusti,” menika margi dhateng kawilujengan gesang !”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar