Kamis, 14 Maret 2013

Gelar Istimewa


Waosan : Rum 8 : 12 -17
Nats : Ayat 14
Pamuji : KPK 129
“Putra” menika salah satunggalipun gelar ingkang endah sanget tumrap manungsa. Sanadyan nalika bocah kathah lare ingkang dereng mangertos istimewanipun gelar menika ananging sasampunipun dewasa tamtu badhe ngraosaken endah lan istimewanipun gelar menika. Tamtu keistimewanipun krana “putra” anggadhahi sesambetan khusus kaliyan tiyang sepuhipun kabandhing dhateng tiyang sanes. Dados putranipun manungsa kemawon istimewa menapa malih dados putranipun Gusti Allah, tamtu langkung istimewa malih. Kautamanipun para putranipun Allah inggih menika krana kita dados ahli waris, inggih menika ingkang badhe nampeni prasetyani-Pun (ayat 17). Sinten ingkang kawastanan putranipun Allah punika? Putra ingkang kados pundi ingkang saget dados ahli waris punika?
Ayat 14 paring tanda bilih ingkang kawastanan putranipun Gusti Allah menika sedaya tiyang ingkang gesangipun katuntun dening Rohipun Gusti. Tiyang ingkang gesangipun katuntun dening Roh menika tamtu mbujeng kamulyaning Swarga, boten gesang miturut pikajengipun pribadi. Tiyang ingkang nglampahi gesang mekaten menika tansah masrahaken sedaya kahanan lan padamelanipun kagem kamulyanipun Gusti. Tiyang ingkang lampah mekaten menika tansah bingah sanadyan susah, saos sokur sanadyan kathah panandhang. Tetep leladi sanadyan dipun ireni. Menapa menika sampun cekap andadosaken kita ahli warisipun Gusti ingkang nampeni prasetyanipun?  Ayat 17 paring pameca malih inggih menika menawi kita ugi sumedya nandhang sangsara sesarengan Gusti. Srana kasangsaran menika, kita badhe ndherek nampi kamulyanipun Gusti. Manawi dados putra namung nyuwun kepenakipun kemawon tamtu boten ngrenani penggalihipun Rama. Awit putra ingkang kinasih inggih menika putra ingkang sumedya lelabuh dhumateng Ramanipun lan sintena kemawon. Kados pundi anggen kita lelabuhan dhumateng Gusti samangke? Manawi remen dados ahli warisipun Gusti sumangga kita lelabuh kanthi estu.Kanthi mekaten gesang kita tansah tinuntun dening Roh Suci. Amin.(to2k)
Kita dados Putranipun Gusti Allah boten krana dipun andut dening garbanipun Gusti ananging krana kita dipun andut
wontening manahipun Gusti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar