Rabu, 20 Maret 2013

Mardika Saking Dosa


Waosan : Yokanan 8 : 31 – 24
Pamuji : KPK 132 : 1,4
Nats : “Manawa kowe padha ngantebi ing pituturKu, kowe sanyata padha dadi siswaKu, sarta bakal padha mangreti ing kayekten, lan kayekten iku bakal mardikakake kowe.” [ayat 31,32]
Nalika bangsa Indonesia dipun jajah bangsa Landa lan Jepang, kathah rakyat Indonesia ingkang ngraosaken kasangsaran, karibedan lan rekaosing gesang. Sedaya polah-tingkahing gesang dipun watesi, boten bebas. Sasampunipun bangsa Indonesia mardika, lampahing bangsa Indonesia katata sekedhik baka sekedhik. Ing pambuka UUD 1945 wonten pangaken bilih kamardikanipun bangsa Indonesia punika berkah peparinging Gusti Allah. Pramila anggen kita gesang ing jaman samangke saged kawastanan  gesang ing alam kamardikan. Selajengipun dados tanggel jawab kita sami ngisi kamardikan punika sarana pakaryan ingkang mbangun gesang bebrayan.
Gusti Yesus paring pangandikan dhateng para tiyang Yahudi, sinten kemawon ingkang ngantebi pangandikanipun Gusti Yesus, piyambakipun badhe kawastanan siswanipun Gusti. Sarana ngantebi pangandikanipun Gusti, para tiyang pitados saged  mangertos bab kayekten lan kamardikan saking bebendhuning dosa. Para umatipun Gusti katebus saking dosa lan kasebat tiyang mardika. Kamardikan ingkang dipun tampi punika boten sanes karana Gusti Yesus sampun ngorbanaken Sariranipun kangge manungsa dosa. Para tiyang Yahudi ngaken dados tedhak turunipun Rama Abraham. Lajeng Gusti Yesus ngendika kedahipun para tiyang Yahudi tedhak turunipun Rama Abraham, gesang miturut punapa ingkang dipun tindakaken Rama Abraham, boten malah mejahi Gusti Yesus ingkang martosaken keyekten.  Kita para panderekipun Gusti Yesus sampun katebus lan mardika saking rehing dosa. Sumangga kamardikaning gesang ingkang kita tampeni saking Gusti punika kita lampahi ing kayekten. Kita sampun dipun paringi pangertosan bab kayekten dening Gusti. Sumangga kita tindakaken kanthi sanyata sarana nebihi sadaya lampah cidra lan mbrastha sadaya wujuding piawon, kados korupsi, kekerasan, lsp. Kita tinimbalan ugi memperjuangkan kamardikaning gesang kagem tiyang-tiyang ingkang katindhes, kados upaminipun Pembantu Rumah Tangga ingkang dipun peres dening bendaranipun, TKW, TKI, lsp.  [AR]
“Kamardikan iku treteg emas tumuju mring kamulyan.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar