Minggu, 14 April 2013

Apa Kang Becik lan Apa Kang Ora Becik ?


Waosan : Wahyu 5:11-14.      
Pamuji : 
KPK no. 331:1,2.
Nats: “Anadene makluk papat iku padha ngucap: “Amin!” Sarta para pinituwa mau padha sumungkem sujud” (ayat 14).
Kita nyumerepi wontenipun ‘tembung kosok balen’ ingkang ngemu teges kalih perkawis ingkang pancen beda sanget artos lan kawontenanipun. Upaminipun: adil – sawenang-wenang; atos – empuk; adhem – panas; begja – cilaka; goroh – jujur; lsp. Mekaten kawontenanipun gesang kita. Kita kaparingan kamardikan milih kangge ngisi gesang kita. Saben pilihan nedahaken jati dhiri kita lan ugi ngemu risiko! Menawi kita milih goroh, rak ateges jati dhiri kita punika minangka tiyang goroh (penipu) lan risikonipun raos manah kita mboten badhe tentrem. Menawi kita milih kabecikan, wohipun raos marem.
Perangan Kitab Suci ingkang kita waos ing dinten punika mratelakaken wontenipun para malaikat, ingkang jejibahanipun mbiyantu manungsa supados saged milih bab-bab ingkang leres, pener, lan manggihaken sarta ngraosaken gesang ingkang tentrem raharja. Sinten ta para malaikat punika? Para malaikat punika makluk rohani ingkang katitahaken dening Allah kangge mbantu nindakaken lan ngrampungaken pakaryanipun Allah ing bumi. Wonten malaikat ingkang jejibahanipun mbekta pawartos (Luk. 1:26-28), ngreksa umatipun Allah (Dan. 6:23), maringi pangatag (semangat) (Pur. Dum. 16:7), maringi tuntunan (Pang. 14:19), maringi paukuman (II Sam. 24:16), rondha utawi patroli ing ngatasing bumi (Yeh. 1:9-14), lan nglawan kekiyatanipun si jahat (Why 20:1). Wonten malaikat ingkang sae lan wonten ingkang jahat (Why 12:7 lsp), nanging karana malaikat ingkang jahat nunggil kaliyan setan, pramila sami kecalan kathah sanget kekiyatan lan pangwaos katimbang malaikat ingkang sae. Ing wusananipun, peran utami malaikat ingkang sae badhe tansah asung pamuji kagem Allah (Why. 19:1-3).
Adegan lan swasana ing Bab 5 nedahaken bilih namung Sang Cempe, Gusti Yesus, ingkang pantes lan patut mbikak buku (sejarahipun sadaya titah). Gusti Yesus, lan sepisan malih sanes setan, ingkang nyepeng lan namtokaken masa depan. Gusti Yesus ingkang badhe ngendhaleni, lan inggih Panjenenganipun piyambak ingkang pantes mapanaken sadhengah bab lan lelampahan ing dinten pungkasan. Amin. (Esha).
“Aja lamis awit marahi cuwa; dadia satriya ben namanira sinerat ing kitabing swarga”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar