Selasa, 02 April 2013

“Kula Kinten…”


Waosan : Yokanan 20: 11-18. 
Pamuji : 
KPK264
Nats: Pendanguné: “Ibu, yagéné kowé nangis? Kowé nggolèki sapa?” Maryam ngira wong kuwi juru-taman. Mulané kandhané: “Pak, menawi sampéyan ingkang mindhah layonipun Gusti kula saking ngriki, wonten pundi enggèn sampéyan nyèlèhaken. Mangké badhé kula purugi mrika.” (Ay. 15)
Komunikasi (wawan pangandikan) asring dados sulaya, mboten nyambung, yen salah setunggal utawi kekalihipun namung adhedhasar panginten, mboten mangertos kanthi sayektos wosing pirembagan. Menika ugi saged kedadosan ing satengahing kulawarga, ing antawisipun semah, tiyang sepuh kaliyan anak, sedherek, mantu lan marasepuh.
Komunikasinipun Maryam kaliyan malaekat lan Gusti Yesus ing cariyos kita menika mboten sambung kanthi sae. Jalaranipun, Maryam wewaton panginten. Mbokmenawi pancen nggih limrah menggahing Maryam nalika semanten, ngengeti gempaling manahipun Maryam ingkang kecalan layoning Gusti pepundhenipun, Gusti Yesus. Maryam mboten nyuwun pirsa sinten ta ingkang ndangu menika. Piyambakipun namung nginten tiyang menika juru-taman. Saupami Maryam sumerep sinten sejatosipun ingkang ngandika menika, mesthinipun mboten saya sanget gempaling manahipun. Mesthinipun Maryam enggal uwal saking kasisahanipun, enggal bangkit kakiyatanipun lan gumregah nindakaken dhawuhipun Gusti (ay. 18).Menika kelampahan sasampunipunsumerep yen Gusti Yesus wungu saking kasedan.
Cariyos menika ugi nedahaken bilih sejatosipun Gusti kepingin enggal-enggal ngluwari para pendherekipun saking kasisahan. Nanging manungsa asring kirang tanggap dhateng wujuding pakaryan, katresnan lan karsanipun Gusti.
Kita asring kedangon menggalih panandhang kita, mboten enggal tumandang, utawi malah klintu pemanggih temah klintu tumindak. Yen pancen dereng mangertos, prayoginipun mboten sisah isin nyuwun pirsa, mboten nginten-nginten piyambak.
Sampun sanget-sanget anggen kita mikiraken panandhang kita. Prayogi kita enggal-enggal lan tansah tumenga dhumateng Gusti. Panjenenganipun ugi ngersakaken kita enggal uwal saking panandhang kita. [ST]
“Panandhang dadi saya abot yen dipikir nemen. Panandhang dadi entheng yen kita tumenga mring Gusti.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar