Kamis, 18 April 2013

Gusti Yesus Tedhaning Rohani


Waosan : Yokanan 6 : 44 – 51.   
Pamuji: 
KPK 195
Nats: “Aku iki roti sing nguripaké, yakuwi roti sing tumurun saka swarga. Wong sing mangan roti mau bakal urip selawasé. Roti sing Dakwènèhaké ya kuwi daging-Ku. Daging-Ku Dakwènèhaké, supaya jagad iki urip.” (Ay. 51)
Ing jagad punika kathah sanget tiyang ingkang sami ‘sibuk’ utawi ribet kaliyan perkawis-perkawis ingkang estunipun namung kangge ngremenaken pikajenganipun piyambak utawi hanya untuk memuaskan nafsunya sendiri.Kados ingkang kaserat wonten ing 6: 26 “Satemene pituturku ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg. Satemah ketingalipun kados-kados tiyang punika ngabekti,mencari / mengikut Tuhan kanthi setya.Ananging estunipun namung lamis kemawon, namung kangge “tutup”, boten tulus ngantos telenging manahipun, namung pados kasenengan lan kepuasan jasmani kemawon. Pramila boten nggumunaken bilih gampil sanget dipun panggihi wonten ing gesang sakiwa tengen kita kathah tiyang ingkang tumindak sewenang-wenang dhateng sesaminipun, supados saged nggayuh menapa ingkang dipun pikajengaken,hanya untuk memuaskan perutnya sendiri.
Nanging minangka kagunganipun Gusti Yesus Kristus kita sedaya kaengetaken malih dhateng dhawuhipun Gusti ingkang kaserat wonten ing ayat 51 “Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing sawarga……..”Tegesipun  sampun ngantos kita kapincut namung kangge ngupadosi perkawis-perkawis ingkang “kulit-kulit” kemawon, namung kepuasan pribadi lan jasmani kemawon. Nanging kita sami dipun wucal supados langkung nggatosaken menapa ingkang dados ‘sejatining gesang’ ingkang saestu, inggih punika tansah ndadosaken Gusti Yesus minangka ‘tedhaning’ rohani kita supados gesang kita saged tumuwuh ing kayekten (kebenaran) satemah saged dados berkah kangge sesami.
Sumangga kita tansah ndadosaken Gusti Yesus mingangka tedhaning rohani kita! Kados pundi marginipun? Srana tansah tetunggilan kaliyan Panjenenganipun lumantar pandonga, pamuji lan panyuraosing dhawuh pangandikanipun saben dinten. Amin. [AK]
“Wareg sega dadi njebabrah, wareg sabda dadi gumregah.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar