Jumat, 12 April 2013

Ojo Gampang Kapusan


Waosan  : 1 Yokanan 3: 1 – 10. 
Pamuji: 
KPK 193: 1
Nats : “…kowe ojo gelem disasarake dening sapa bae…” (Ay. 7)
Menawi kita migatosaken kanthi estu, ing masyarakat kathah sanget jinising aliran kapitadosan, utawi aliran agami. Malahan menawi boten lepat, ing salebeting agami ingkang dipun ugemi taksih wonten kapitadosan-kapitadosan sanes ingkang dipun dherekaken. “Ngakune Kristen ning isih dhemen ngingu jimat”. Ingkang mekaten punika ateges dereng temen anggenipun ngugemi lan mitadosi kawilujengan yekti wonten ing Gusti ing salebeting janjiniPun. Pancen boten lepat bilih ing salebeting piwulang saking aliran-aliran punika sae, lan iming-imingipun ing bab kawilujengan lan bab-bab sanesipun katingal boten kawon kaliyan punapa ingkang dipun wucalaken dening piwucal Kristen. Ngedab-edabi estu. Nanging punika mbebayani. Anggenipun Gusti nglairaken sarira saperlu mbirat dosa, nucekaken, lan ndadosaken kita putra-putranipun Allah. Lan sampun ngantos kita ingkang sampun dados putranipun Allah lajeng nerak angger-angger ingkang mageri kita. Menawi kita nerak angger-angger ateges kita medal saking keluarga agung ingkang dipun bangun dening Gusti Yesus.
Saking pakaryanipun Sang Kristus kita kalebetaken ing brayat agungipun Gusti Yesus, lan kapiji dados putra-putranipun Allah. Saking ngriku lajeng Rasul Yokanan ngemutaken supados kita punika boten gampil kapusan dening piwucal-piwucal sanes ingkang ngiming-imingi bab kawilujengan. Menawi kita punika gampil kapusan lajeng memayuh ing Sang Kristus kita saged kaedalaken saking brayat agung kagunganipun Gusti Yesus. Kita saged kecalan status minangka putra-putranipun Allah. Ingkang yekti ing bab kawilujengan namung saking Sang Kristus Yesus. Cetha sanget, Sang Kristus punika minangka titikanipun Allah ingkang wiyosipun ugi saking Allah. Punapa ingkang kalairaken saking Panjenenganipun tamtu bab kang yektos, paling aji, lan ingkang paling saged dipun pitadosi, ingkang paling wajib dipun dhereki kanthi temen.
Sumangga kita sami gesang ing kasucen, ngugemi lan nindakaken sedaya dhawuh sabda Pangandikanipun. Kanthi tumindak mekaten kita badhe tetep wonten ing salebeting brayat agungipun Gusti Yesus Kristus. Amin (GaSa)
“Wong ngerti tenan ora gampang kapusan.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar