Rabu, 10 April 2013

Kulina Padhang


Waosan: Yokanan 3: 16-21. 
Pamuji: 
KPK 193: 1, 2
Nats : “……Sang Padhang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, tinimbang karo pepadhang…” (Ay. 19)
Budi lan Polan wiwit alit gesang ing swasana kitha. Boten nate dolan ing tengah pategalan utawi sawah, menapa malih ing tengah alas. Ing salah setunggaling dinten tiyang sepuhipun ngajak lare kalih kalawau sami sowan dhateng sedherekipun ingkang lenggah ing padhusunan lan nyipeng ing ngriku. Swasana ingkang enggal babar pisan kaalami dening Budi lan Polan.
Nalika wayah sonten tiyang sepuhipun ngajak lare kekalih mlampah-mlampah ing pategilan. Wit-wit ageng taksih kathah lan kiwa-tengen margi ingkang dipun langkungi taksih kebak grumbul. Nalika wayah nyelaki peteng lare kekalih kalawau enggal-enggal nyuwun wangsul. Ketingal sanget lare kalih kalawau meksa tiyang sepuhipun supados enggal-enggal wangsul. Lare kalih kalawau saestu ajrih mlampah ing pategilan ingkang peteng lan kebak grumbul. Lare kalih kalawau namung mbayangaken bilih ing kiwa-tengenipun kebak memedi.
Waosan pangandikanipun Gusti dinten menika ngengetaken, “……Sang Padhang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, tinimbang karo pepadhang…” (ayat 19). Kita ingkang sampun kaluwaran saking pepeteng bebenduning dosa lan sampun mlebet ing gesang enggal, samenika gesang ing pepadhang. Gesang ing pepadhang menika kedah kita dadosaken pakulinan, awit menawi boten badhe bilai! Dayaning pepeteng menika mboten baen-baen. Sinten ingkang temen-temen mbudidaya ngulinakaken gesang ing pepadhang badhe risih menawi mlampah ing gesang ingkang peteng / awon.
Mekaten wigatosipun kita temen-temen tansah celak kaliyan pepadhang, supados gesang menika temen saged nyunaraken gesang ingkang kakersakaken dening Gusti. [smdyn]
“Saestu endah lan bingah gesang miturut sunaring pepadhang”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar