Rabu, 24 April 2013

Ngoyod


Waosan : Kolose 1: 24- 2: 7              
Pamuji : 
KPK 86: 1, 2, 3
Nats : “…dinganti ngoyod lan kabangun, ana ing Panjenengane, muga kowe saya wuwuh kasantosanmu ana ing pracaya …..”. [ayat 7]
Kagem para tani, proses tanem punika proses ingkang kedah dipungatosaken saestu, saking wiwitan ngantos panen. Sedaya proses punika wigatos (penting). Menawi palawija kawiwitan saking mbedheng wiji, menawi pari kawiwitan saking ngurid (nyebar wiji) lan ndhaut kalajengaken tandur. Sawetawis wekdal kirang langkung satunggal minggu menawi winih mboten saged thukul kanthi sae kalajengaken prosesnyulami (nggantos kaliyan winih/ bedhengan ingkang enggal). Prosesngrabuk, ngobat ugi mboten saged dipunlirwakaken.
Mangga kita gatosaken salah satunggaling proses tanem inggih punika nyulami utawi nggantos winih enggal. Punika katindakaken yen winih ingkang katanem sakderengipun punika risak. Risak saged karana katempuh angin, dipuntedha ayam utawi peksi, utawi pancen kuwalitas winih ingkang kirang sae. Taneman ingkang kados mekaten pancen mboten saged thukul kanthi sae, lan langkung prayogi menawi dipungantos kaliyan winih/bibit enggal. Punika katindakaken supados panenipun saged sae. Benten menawi saged ngoyod, kanthi gondhelan dhateng siti, mboten badhe gampil dhoyong, kintir menawi wonten jawah, angin utawi ayam lan peksi.
Iman kapitadosan dhumateng Gusti Allah punika ugi saged kaibarataken kados dene proses tanem kala wau. Iman ingkang bakuh, inggih iman ingkang ngoyod. Kaserat ing ayat 6 lan 7 gesang kasuwun tetep wonten ing Gusti, ngoyod lan kabangun. Punika ateges Gusti ngersakaken iman kapitadosan para umatipun sageda dinamis, alias mboten mandheg, saya ngoyod, saya rosa. Prahara gesang mboten badhe ngrisak kita.
Gesang ingkang tansah ngoyod lan kiyat tamtunipun manjalma wonten ing gesang ingkang ngeneraken dhiri dhumateng Gusti saben dinten. Wekdal nyambut damel emut kaliyan Gusti ingkang paring kekiyatan. Awit saking punika anggenipun nyambut damel dikanthi setiti lan tanggel jawab. Anggenipun ujian emut Gusti ingkang paring kapinteran. Wekdal badhe tumindak ala, emut wonten Gusti ingkang maha pirsa. [PKS]
“Ngoyod ing siti dadi rosa, ngoyod ing Gusti dadi santosa!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar