Senin, 22 April 2013

Manut Pitedah


Waosan : Yokanan 10: 1-10.        
Pamuji : 
KPK 149
Nats : “Sawisé wedhus-wedhus mau metu, pangon kuwi nuli mlaku ana ing ngarep, lan wedhus-wedhusé ana ing mburiné, ….” (Ayat 4)
Gusti Yesus minangka Pangon ingkang Utami ugi jumeneng Pemimpin. Samangsa menda-menda medal pados tedhan, Sang Pangon lumampah ing ngajeng mimpin sadaya mendanipun, supados sadayanipun sami sumerep margi lan papan sae ingkang katedahaken. Panjenenganipun lumampah ing ngajeng supados mendanipun sami ngetut wingking manut ing tuntunanipun, mboten pados margi lan mlampah piyambak.
Makaten agenging kawigatosanipun Gusti Yesus Sang Pangon kita ingkang Utami. Menika katindakaken dening Gusti Yesus sanes kagem kamulyanipun piyambak. Menika kangge karaharjan lan katentreman kita, supados kita sami ngalami kawilujengan lan pikantuk berkah ingkang kita betahaken saben kita sami medal saking “kandhang” kita. Sawanci-wanci kita sami nindakaken padamelan utawi kegiatan kita wonten pundia kemawon, sejatosipun Gusti Yesus Pangon kita tansah lumampah ing ngajeng kita, paring pitedah margi ingkang sae lan mulya.
Namung kemawon, kita asring mboten rumaos yen Gusti Yesus mimpin lampah kita. Kita asring pados margi piyambak, “sok tahu.” Bilainipun, margi ingkang kita panggihaken lan kita lampahi sok margi ingkang rumpil lan mboten sae. Temah, kita ketriwal (tersesat), tumindak kita lepat lan pandamel kita nglaha (sia-sia). Kita mboten pikantuk berkah, utawi yen ketingalipun angsal berkah nanging enggal sirna tanpa tilas. Utawi kita malah nemahi bilai, amargi kita manut pikajeng kita piyambak ingkang jebul mblasar, mboten manut tuntunanipun Gusti.
Swawi sami mbudidaya ing salampah lan sapolah kita ing sadaya padamelan lan kegiatan kita, kita tansah ningali utawi enget dhateng tuntunan lan karsanipun Gusti Sang Pangon kita. Sampun ngendelaken kasagedan kita ingkang winates. Anjawi saking Kitab Suci lan PAH (Pancaran Air Hidup) menika, margi tuntunanipun Gusti ugi saged lumantar semah, tiyang sepuh, sedherek kita lan sanesipun. Swawi tansah enget!  [ST]
“Gusti, kasagedna kawula ningali margi pitedah Paduka ing lampahing pigesangan kawula.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar