Senin, 08 April 2013

Nyampurnakna Kabungahan


Waosan : 1 Yokanan 1: 1-10.  
Pamuji :
 KPK90
Nats : “Dene anggonku nulis bab iki mau kabeh marang kowe iku supaya kabungahanku dadia sampurna….” (ayat 4)
Nalika Lambang ulang taun kaping gansal katawis bingah sanget. Kanthi mesam-mesem Lambang nampi hadiah saking tiyang sepuhipun arupi mobil-mobilan remote kados dene ingkang dipun suwun. Salajengipun bapakipun Ndangu: ”Wis ta Le, bapak karo ibu wis nuruti kekarepanmu ta?Saiki sampean wis mahargya ulang taun.” Lambang manthuk ananging taksihmrengut. Ibunipun ndangu:”Apaa kok isik mrengut?” Bocah ingkang nembe jangkep gangsal tahun menika mangsuli:”Buk, mila menika pahargyan ambal warsa? Kok mboten wonten rencang-rencang kula?” Tiyang sepuh kekalih mendel lan sawang-sinawang.
Saking cariyos menika kula sinau: menapa paedahipun kabingahan kita yen namung dipun raosaken piyambak. Waosankitadintenmenika nedahaken dhateng kita bilih kabingahan kaparingaken mboten anamung kagem diri pribadi. Pramila wonten ing ayat 4 kadhawuhaken: “Dene anggonku nulis bab iki mau kabeh marang kowe iku supaya kabungahanku dadia sampurna….” Menapa tegesipun kabingahan miturut serat Yokanan menika?
Sepindhah, kabingahan menika karaosaken krana ngraosaken lan nglampahi gesang (ayat 2). Gesang ingkang dipun kersakaken inggih menika gesang langgeng. Gesang langgeng menika karana gesang kita katunggilaken kaliyan Sang Ramalan Sang Putra, GustiYesus (ay3). Kalih, Karana nglampahi gesang langgeng pramila gesangipun manungsa katandukaken ing pepadhang awit Gusti Allah menika Pepadhang (ay 5). Saben tiyang ingkang ngraosaken tetunggilan kaliyan Gusti Allah kedahipun gesang wonten ing pepadhang. Wonten ing kalih perkawis menika, kabingahan namung dipun raosaken piyambak. Salajengipun menapa paedahipun gesang langgenglan gesang ing pepadhang yen tiyang sanes taksih dereng nggadhahi gesang langgeng lan taksih wonten ing pepeteng? Jatining kabingahan inggih menika menawikabingahan kita menikandamel tiyang sanesugingalamikabingahanmenika. Amin. (to2k)
“Kabungahan dadi sampurna yen agawe wong liya melu bungah.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar