Selasa, 30 April 2013

Ayem Nanging Ojo Mung Turu


Waosan : Yohanes 14: 27-31.       
Pamuji : 
KPK 131
Nats : “Kowe padha Dak tinggali tentrem-rahayuKU Dakwenehake marang kowe….atimu aja melang-melang lan aja giris” (Ay. 27)
Nalika taksih SMP kula paling ajrih menawi Bapak lan Ibu tindak ngantos dalu. Awit griya kula tebih saking tanggi lan kiwa-tengen griya kathah wit-wit ageng (wit pelem, rambutan). Langkung-langkung menawi sampun nyelaki dalu. Ingkang kula angen-angen namung, “Mbok ndang rawuh ya bapak-ibu”. Nalika kepireng swanten, “Glodhak” manah deg-degan sanget, ajrih menawi swanten kalawau amargi wonten pandung (maling). Kosokwangsulipun menawi kepireng swanten sepeda motoripun bapak, manah kraos ayem. Langkung-langkung nalika kori kabikak lan bapak-ibu sampun mlebet ing griya. Raos ajrih ical babar pisan.
Ing satengahing donya ingkang kebak godha rencana menika kathah tiyang ingkang gampil  kapencut dening kabingahan semu. Nalika taksih gadhah sepeda motor ngangen-angen, “Iba endahe yen duwi kendaraan roda 4”. Lan nalika kalampahan saged tumbas kendaraan roda 4, lajeng ningali kagunganipun tanggi, “Wuih, lha kok mobil iku apik temen! Kapan ya isa kaya ngono?”. Kabingahan ingkang kacawisaken dening donya menika kados kita ngombe toya seganten, tegesipun tansah kirang kemawon. Sampun pikantuk setunggal, taksih kepingin ingkang langkung sae lan kepingin malih sanesipun.
Minangka tiyang pitados kita kaengetaken bilih katentreman lan kabingahan ingkang sejatos sampun ngantos kita padosi ing jagad menika, awit Gusti Yesus ingkang sampun nyawisaken! “Kowe padha Dak tinggali tentrem-rahayuKU Dakwenehake marang kowe….atimu aja melang-melang lan aja giris”. Pangandika menika paring jaminan dhateng kita supados boten ajrih ngadhepi maneka warni tantangan, godha rencana ing ngajeng kita.
Nanging “ayem” menika boten lajeng kendel, “ora mung turu wae,” nanging malah katimbalan tansah gumregah. Sedaya kasagedan kita ginakaken sasae-saenipun matemah tiyang sanes ngraosaken kaberkahan awit saking tumindak kita. [smdyn]
Katentremanku mung ana ing Gusti Allah”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar