Jumat, 26 April 2013

Griya Pengajeng-ajeng


Waosan: Yokanan 14:1-6. 
Pamuji: 
KPK 321 : 1
Nats 
: “Atimu aja melang-melang; padha kumandela marang Allah; uga kumandela marang Aku. Ing dalemé Ramaku akèh panggonan. Menawa ora mangkono, kowé mesthi dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisaké papan kanggo kowé.”(ayat 1-2)
Ing wanci sonten, rikala mendhungipun anggendhanu, pak Dodot manahipun sedih, kuwatir, lan pikiranipun ugi bingung. Amargi sekedap malih, griya kontrakanipun telas.Ugi kedah nglajengaken ngontrak malih lan mbetahaken arta ingkang mboten sekedhik.
Bu Dodot inggih prihatos lan ngraosaken menapa ingkang dipun raosaken pak Dodot. Anananging, bu Dodot inggih mangertos lan pitados bilih Gusti Yesus mboten nate nilaraken sedaya perkawis ingkang dipun alami para pitados. Pramila, bu Dodot ngajak pak Dodot ndedonga sesarengan lan masrahaken sedaya perkawis menika wonten astanipun Gusti. Sasampunipun ndedonga bu Dodot ugi maos kitab suci ingkang kapendhet saking Yokanan 14:1-2. Pak Dodot lan bu Dodot manahipun ayem, saksampunipun ndedonga lan maos kitab suci, kraos bingah, lan ugi saged pasrah wonten ing asta lan kuawosipun Gusti. Pak Dodot bu Dodot pitados, bilih Gusti Yesus ingkang badhe nyawisaken papan wonten swarga ugi ing ndonya. Pak Dodot ugi pitados, bilih Gusti mesthi paring margi kangge ngrampungaken perkawis griya kontrakanipun. Sedoya tiyang inggih nate ngalami menapa ingkang dipun alami pak Dodot lan bu Dodot, namung jinisipun benten-benten. Pramila, kita ugi saged nyonto anggenipun pak Dodot lan bu Dodot mrantasi sedaya perkawis menika. Griya wonten ing ndonya tumrap kita inggih penting, ananging langkung wigatos inggih menika griya wonten ing swarga. Griya wonten ing swarga sampun dipun cawisaken dening Gusti lan ndadosaken “Griya pangajeng-ajeng” tumrap kita sedaya. Amin. [DG]
“Griya sanes bale griya yen mboten wonten katresnan lan katentremen.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar