Senin, 24 November 2014

Cekap !!



Waosan : Lukas 21 : 1 – 4  |  Pamuji : KPK 187
Nats: “Aku pitutur marang kowe: Satemenene kang dipisungsungake randha miskin iku luwih akeh katimbang wong kabeh iku.” [ayat 3]

Kabetahan lan pepenginan. Menawi kita jujur, kalih perkawis punika ewed dipun pisahaken. Kabetahan punika samukawis ingkang dipun betahaken dening manungsa murih gesangipun saged tumuju ing karahayon. Ing jaman samangke, kados ta: pangan, sandang, papan, lan pendidikan. Menawi wonten ing antawisipun kabetahan punika ingkang boten saged katurutan, mila manungsa badhe ngraosaken kirang rahayu/sejahtera.
Pepinginan punika tambahan tumrap kabetahan ingkang kagayuh murih saged kraos langkung marem, kados ta: sepeda motor keren, roda empat, rekreasi, hp, tab, i-pad ingkang paling gress, lsp. Menawi pepinginan punika boten saged kagayuh/katurutan, sejatosipun karahayonipun boten kirang. Tiyang punika sejatosipun taksih saged kasebat rahayu.
Menawi kita gatosaken waosan kita, kasebat “Randha Miskin” tamtunipun tebih saking kahanan sugih. Malah bokbilih sejahtera ingkang standar kemawon taksih rekaos anggenipun ngupadi. Wah malih, randha punika status lan posisi ingkang kirang pikantuk kawigatosan ing tengahing masyarakat, menapa malih ing jaman modern sakmangke. Menawi dipun gatosaken, ingkang limrah punika malah dados rerasanan/bahan gosip, lan ingkang dipun soroti punika bab-bab ingkang kirang sae.
Pitakenanipun, kenging punapa randha punika taksih keraya-raya ngaturaken pisungsung, kamangka randha punika kasebat miskin? Gesangipun tebih saking tembung sugih, utaminipun barang darbe. Setunggal tembung saged dados wangsulan: karana randha punika rumaos cekap, nadyan ta miskin.
Cekap inggih punika tembung ingkang saged dados panengah antawisipun kabetahan lan pepinginan. Kapan kita ngraosaken cekap? Cekap sanes prekawis cacah, ananging lega ing lebeting manah. Rumaos cekap ndadosaken kita saged ningali punapa ingkang sampun kita tampi, boten ningali punapa ingkang dereng kita panggihaken. Cekap namung saged kelair saking tiyang ingkang binerkahan. Sinten ingkang rumaos binerkahan? Mangga kita mungel: “Maturnuwun Gusti,…” [Pong]
“Mugi Paduka paringi rejeki kawula, sa-CEKAP-ipun ing dinten punika!”
http://www.gkjw.web.id/cekap

Tidak ada komentar:

Posting Komentar