Kamis, 06 November 2014

Ora Bakal Bisa Nyumurupi



Waosan : Lukas 17 : 20 – 28   |   Pamuji : KPK 321 : 1, 3
Nats: “Banjur ngandika marang para sekabate: “Bakal tumeka ing waktune, kowe padha kapengin nyumurupi sawijining dinane Putraning Manungsa, nanging ora bakal bisa nyumurupi.” [ayat 22]
Sampun sawetawis tahun kepengker, wonten tiyang ingkang ngramalaken dinten rawuhing Putranipun Manungsa: “rawuhe Sang Kristus tahun semene…..” Wonten malih ingkang ngandika: “tahun semene….”, lsp. Ramalanipun menika jalaran anggenipun ngajeng-ajeng kanthi sanget rawuhipun Putraning Manungsa. Ingkang leres mboten wonten satunggal tiyang kemawon ingkang saged nyumurupi benjang menapa dinten rawuhing Putranipun Manungsa.
Lumantar waosan menika Gusti Yesus ngersakaken paring piwucal dhateng kita:
  • Kita sampun ngantos gampil keblithuk kaliyan pawartos-pawartos bab  rawuhipun Putrane Manungsa.
  • Kratonipun Allah wonten ing antawis kita, wonten ing satengah-tengah kita. Awit Kratonipun Allah sampun kebabar wonten ing Gusti Yesus Kristus piyambak, Sang Mesih utawi Sang Kristus. Pramila sinten kemawon ingkang sampun ngrumaosi sinten Gusti Yesus menika, piyambakipun sampun mbabaraken Kratonipun Allah menika. Sinten ingkang gesang miturut kersanipun Allah, samangke sampun dados warga Kratonipun Allah samangke ing donya menika.
  • Kita boten kalebet tiyang-tiyang ingkang boten nggadhahi pangajeng-ajeng (I Tes. 4: 13), ananging saweg lumampah tumuju dhateng kasunyataning Kratonipun Allah, ingkang kebak kamulyanipun Putraning Manungsa, ingkang sampun lumebet dhateng kamulyan dados wakil kita lan dados cecala (perintis jalan) kangge kita.
  • Kita katimbalan tansah waspada lan jaga-jaga. Sampun ngantos kados kanca-kancanipun Nuh ingkang nggadhahi sikap acuh tak acuh ing kawontenan ingkang kritis (mbebayani). Malahan ing salebeting ngadhepi paukuman ingkang sanget nggegirisi, gesang padintenanipun mboten purun keganggu. Sumangga kita sami tansah waspada lan jaga-jaga. Amin [SS]
“Tansah sesambetan kaliyan Gusti badhe ngindhakaken kawaspadan lan jumaga-jaga.”
http://www.gkjw.web.id/ora-bakal-bisa-nyumurupi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar