Jumat, 28 November 2014

Ratu Adil



Waosan : Daniel 7 : 2 – 14  |   Nats : Ayat 14  |  Pamuji : KPK 177
Ing masyarakat Jawi wonten pangajeng-ajeng bilih ing tembe dinten bangsa Indonesia badhe dipun pimpin dening Ratu Adil. Ratu Adil menika tiyang ingkang kapilih dados pimpinanning bangsa, ingkang nindakaken paprentahanipun sacara wicaksana, adil, lan leres. Menapa ingkang dipun tindakaken namung kangge wujudaken kaadilan, kasaenan, katentreman, lan kasantosaning bangsa Indonesia.
Kitab Daniel menika saged kasebat kitab pameca (nubuat). Kitab menika katulis kanthi tujuan supados umat Israel ingkang wonten Babel boten kecalan pengajeng-ajeng dhateng Gusti Allah ing mangsa kasangsaran. Ing waosan kita, Daniel kaparingan paningal sekawan kewan ingkang dados pralambang bangsa-bangsa sanes ingkang ngawonaken Israel. Daniel ugi ningali Putraning Manungsa ingkang rawuh saking akasa. Sedaya bangsa sami ngabdi dhateng Panjenenganipun. Paningalipun Daniel dados gambaran bilih wonten wancinipun Gusti badhe rawuh mitulungi rahayu dhateng umat Israel.
Sedaya kawontenaning manungsa ing donya boten wonten ingkang langgeng. Ing alam donya menika manungsa asring nandhang kasangsaran lan kaprihatosan. Senajan rekaos, kita boten badhe nglokro lan semplah ing manah ngalami gesang. Bilih tiyang Jawi menika nggadhahi pengajeng-ajeng rawuhipun Ratu Adil, bangsa Israel nggadhahi pengajeng-ajeng rawuhipun Putraning Manungsa. Kita ingkang pitados dhateng Gusti Yesus ugi nggadhahi pengajeng-ajeng rawuhipun Sang Mesih minangka Ratu ingkang mulya.
Gusti Yesus menika ingkang dados Ratu Adil. Rawuhipun ingkang kaping kalih badhe ngadili sedaya tiyang ing salumahing bumi. Kita ingkang pitados lan setya mesthi kaparingan gesang langgeng. Karana saking menika mangga kita sami njagi gesang kita kanthi nindakaken karsanipun Gusti. Kita lampahi gesang menika srana pengajeng-ajeng bilih rawuhing Gusti Yesus badhe nunggilaken kita sedaya ing panguwaosing sih rahmat. [AR]
“Ratu Adil ingkang sanyata inggih namung Gusti Yesus”
http://www.gkjw.web.id/ratu-adil-3

Tidak ada komentar:

Posting Komentar