Rabu, 12 November 2014

Sing Mlarat Saya Kesrakat

Bacaan : Lukas 19 : 11 – 28  |   Nyanyian : KPK 168
Nats: “Banjur ngandika marang wong sing padha ana ing kono: ‘Dhuwit sing ana ing wong kuwi jupuken lan wènèhna marang wong sing wis nggawa sepuluh dinar mau.” [ayat 24]

Menapa panjenengan taksih kemutan salah setunggaling lagu dangdutipun Pak Haji Rhoma Irama ingkang suraosipun … yang kaya makin kaya yang miskin makin miskin… menapa leres suraos lagu menika? Bokbilih pancen leres. Miturut pasemon waosan ing nginggil tiyang kaperang dados 4 golongan pekerja: tiyang pekerja keras, tiyang ingkang nyambut damel limrah kemawon (biasa saja), tiyang ingkang kesèd (pemalas), lan tiyang ingkang remen dumukaken lepatipun tiyang sanes (menyalahkan orang lain).
Pasemon saking Gusti Yesus menika minangka wangsulan awit mboten sabaripun para pendherek bab rawuhipun kratoning Allah. Para pendherek nginten bilih kratoning Allah menika inggih kraton arupi bleger wujud tata lahir kadonyan. Awit para pendherek enggal kepingin mentas saking kathahing penandhang, arupi kemiskinan, kasusahan, kacingkrangan lan penjajahan. Para pendherek kepingin enggal-enggal gesang ingkang sekeca sarana instan mboten ngangge rekaos.
Gusti paring piwucal perkawis gesang ingkang tanggon, gesang ingkang ulet mboten gampil semplah, tebih saking budaya instan. Sinaosa namung kaparingan redana arta pawitan (modal) 1 mina (miturut maneka sumber kirang langkung 1 mina=1/60 talenta, 1 talenta=1 UMR). Ananging tumrapipun tiyang ingkang mletik nalaripun, tetep saged nindakaken usaha satemah dados 10 mina. Malah kepara Gusti maringi bebungah 1 malih. Manawi kita purun ngupaya kanthi estu, berjuang kanthi mboten ngetang sayah, lan nyuwun kakanthi dening astanipun Gusti, tartamtu badhe saya ngrembaka (berkembang). Dados mboten wonten tiyang sukses ingkang nampi kanthi instant, sedaya wonten lampahipun.
Soksintena kemawon ingkang gegayuhanipun (cita-citanipun) dereng kelampahan, sampun ngantos semplah, terus berusaha kanthi tumemen. Gusti mesthi ngirit sauruting lampah kita. Temah gegayuhan kita kapinangkan. Sampun sesambat kemawon, sampun ngantos ngendika “ora kuwat”, sampun ngantos rumaos cingkrang. [masto]
“Wong kesèd (malas) bakal dadi kèsèt (diinjak-injak).”
http://www.gkjw.web.id/sing-mlarat-saya-kesrakat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar