Sabtu, 08 November 2014

Ora Gampang Semplah



Waosan : Lukas  18 : 1 – 8  |   Pujian: KPK  86
Nats: “Nanging manawa Putraning Manungsa rawuh apa bakal manggih pangandel ana ing bumi?” [ayat 8]

Pak Driyo dipun tugasi dening Panitia Pembangunan supados nyuwun tapak-asta tandha sarujuk saking warga ingkang manggen celak kaliyan panggenan ingkang badhe dipun degaken gedung greja. Tugas menika dipun ayahi kanthi temen. Seminggu piyambakipun nyowani warga masyarakat sampun pikantuk kathah sanget tapak-asta. Nanging piyambakipun mrangguli wonten kalih brayat ingkang boten purun tapak-asta. Menawi sanes Pak Driyo, mbokbilih 2 brayat kalawau boten badhe dipun sowani malih. Nanging Pak Driyo boten kados mekaten. Kalih brayat kalawau dipun sowani malih, nanging tetep dipun tampik! Piyambakipun boten semplah. Sanadyan sampun wongsal-wangsul dipun tampik, Pak Driyo dereng purun kèndel. Sasampunipun langkung saking kaping sedasa anggenipun Pak Driyo nyowani kalih brayat kalawau, nembe kalih brayat kalawau purun paring tapak-asta. Panitia Pembangunan sami gèdhèk-gèdhèk menawi sami ngengeti tekad lan tekunipun Pak Driyo. Kados mokal IMB saged dipun cepeng dening Panitia Pembangunan menawi Pak Driyo kèndel –semplah- nalika sampun sowan kaping 5 lan katampik. Lan menika saestu kasunyatan, sanes namung cariyos.
Pengalaman ing nginggil saestu paring gambaran ingkang cetha wela-wela saiba wigatosipun sikap gesang ingkang tekun lan boten gampil semplah. Hakim ingkang boten wanuh kaliyan Gusti kemawon pungkasanipun luluh manahipun nalika ngadhepi randha ingkang terus kemawon nyenyuwun, menapa malih Gusti Allah ingkang mahatresna.
Pramila saking menika kita kedah saged nyonto tuladha saking cariyos ing nginggil, nggadhahi sikap tekun lan boten gampil semplah sanadyan nyanggi momotan awrat ing gesang. Sedaya momotan sumangga kita sanggi kanthi lambaran pandhonga ingkang tanpa kendhat. Awit Gusti menika sanes hakim ingkang kejem, nanging kebak katresnan lan kamirahan. Ndedonga menika boten kedah tansah nyuwun. Pasrah kemawon sawetahipun. [smdyn]
“Namung Paduka tuking kakiyatan lan kawilujengan kawula.”
http://www.gkjw.web.id/ora-gampang-semplah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar