Kamis, 20 November 2014

Sepele Ning Aji

Bacaan : Lukas 19 : 11 – 27  |  Pamuji : KPK 34 : 2 / 110 : 2
Nats: “Pangandikané bendarané: ‘Sukur, kowé abdi becik! Sarèhné kowé kena diprecaya tumrap prekara sing cilik,
saiki kowé dakangkat ngerèh kutha sepuluh.’” [ayat 17]

Manungsa asring ngremehaken prekawis ingkang alit, ingkang sepele, ingkang ketingal mboten wonten ajinipun. Prekawis-prekawis ingkang alit lan sepele menika saged arupi bandha, pedamelan, tiyang lan kasagedan. Prekawis-prekawis ingkang alit lan sepele menika asring dipun tebihi, mboten dipun gape/ gatosaken lan mboten dipun ajeni.
Prekawis ingkang alit lan sepele menika kadhang kala malah sanget dipun betahaken dening manungsa. Conto nyatanipun: Gusti Allah ngrimati kita, maringi tedhan dhateng sedaya manungsa lumantar para tiyang tani, nelayan, peternak. Prekawis ingkang alit lan sepele menika saged dados ageng lan aji menawi dipun rimati kanthi setya utawi dipun tlateni. Ingkang sekedhik saged dados kathah, ingkang alit saged dados ageng, ingkang sepele saged dados aji utawi piguna sanget.
Ing waosan kita dinten menika Gusti Yesus ngersakaken kita nlateni lan ngrimati sedaya peparingipun Gusti kanthi setya tuhu. Saben tiyang mesthi sampun kaparingan kanugrahan, utawi arta ing pasemon menika, nadyan sekedhik utawi alit. Gusti Yesus mboten remen dhateng tiyang ingkang nyepelekaken prekawis utawi kanugrahan ingkang alit. Gusti Yesus ugi mboten remen dhateng tiyang ingkang nganggep sepele dhateng tiyang alit. Kosokwangsulipun, saben tiyang ingkang tlaten ngrimati prekawis ingkang alit badhe kaparingan prekawis ingkang ageng. Saben tiyang ingkang ngajeni tiyang alit badhe kaparingan tentrem rahayu ing gesangipun.
Sumangga kita blajar ngrimati prekawis utawi peparing ingkang alit kanthi tlaten lan setya. Sumangga kita kanthi tulusing manah ngajeni tiyang alit, ingkang kaanggep asor dening tiyang kathah. Sumangga kita ngakeni lan nyadhari bilih sedaya ingkang alit, sekedhik lan ketingal sepele menika ugi peparingipun Gusti dhateng kita lan dhateng tiyang kathah. Peparingipun Gusti menika mboten namung prekawis ingkang ageng, ingkang kathah cacahipun, ingkang ketingal aji sanget lan ingkang ngedab-edabi. [ST]
Sedaya ingkang tinitah mesthi wonten pigunanipun.
http://www.gkjw.web.id/sepele-ning-aji

Tidak ada komentar:

Posting Komentar