Minggu, 02 November 2014

Nglipur Kang Sedhih


Bacaan : 1 Tesalonika 4 : 13 – 18  |  Pamuji : KPK 145 : 1, 3 Nats: “… supaya atimu aja sedhih kaya wong-wong sing padha ora duwé pengarep-arep.” [ayat 13b]
Raos sedhih dados peranganing gesangipun manungsa. Saben tiyang mesthi sampun nate utawi badhe nate rumaos sedhih. Sampun ta manungsa, Gusti Yesus kemawon ugi rumaos sedhih, malah sedhih banget (Mat. 26: 38 “Ati-Ku sedhih banget, rasané kaya wong sing arep mati.”). Dados, limrah kemawon yen wonten tiyang ingkang rumaos sedhih. Menapa malih yen kasedhihanipun menika karana sedherek, kulawarga utawi rencang raketipun tilar donya. Menawi wonten sedherek, kulawarga utawi rencang raket ingkang tilar donya nanging mboten sedhih, menika malah mboten limrah.
Menawi wonten sedherek, kulawarga utawi rencang raket panjenengan tilar donya, panjenengan lajeng rumaos sedhih, menika mboten menapa-menapa. Ewasamanten, kita kaengetaken supados kasedhihan kita menika sampun ngantos sami kaliyan kasedhihanipun tiyang sanes ingkang mboten nggadhahi pangajeng-ajeng. Wonten kalih perkawis ingkang prayogi kita ugemi yen kita ngalami sedhih:
·         Tiyang pitados ing Sang Kristus ingkang tilar ndonya katunggilaken dening   Allah kaliyan Gusti Yesus Kristus wonten ing padalemanipun ing swarga.
·         Gusti, ingkang nampeni umat tebusanipun wangsul dhateng pangayunanipun, mesthi tanggul jawab ngrimati gesanging brayatipun ingkang katilar.
Pramila dhateng tiyang utawi sedherek kita ingkang saweg nandhang sedhih karana kesripahan, kita sampun nuturi “Ora usah sedhih!” Langkung prayogi kita ngucap: “Panjenengan sedhih menika limrah. Kula kemawon rumaos sedhih, menapa malih panjenengan ingkang langkung raket kaliyan sedherek menika. Gusti mesthi ugi ndherek sedhih mirsani kasedhihan panjenengan. Nanging Gusti kita menika kagungan pangwasa agung. Mangga pasrah dhateng Gusti lan nyuwun kekiyatan dhumateng Panjenenganipun!” Pangajeng-ajeng lan keyakinan dhateng sih piwelas, pangrimat lan pitulunganipun Gusti badhe enggal nguwalaken kasedhihan kita. Kasedhihan menika mboten badhe ngantos kedlarung-dlarung. [ST]
Kasedhihan bakal enggal sirna yen ngugemi pangareparep lan kayakinan marang sih pitulungane Gusti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar