Jumat, 14 November 2014

Dalem Pamujan



Waosan: Lukas 19 : 45 – 48  |   Pamuji : KPK 5
Nats: Pangandikané: “Ing Kitab Suci ana tulisan: ‘Pedaleman-Ku kuwi omah pamujan,’ nanging panggonan suci iki kokdadèkaké susuhé maling.” [ayat 46]

Kados raos panjenengan saben mlebet ing greja, menawi badhe kebaktian utawi kegiatan sanes? Menapa ingkang dados keyakinan panjenengan? Menapa wonten bentenipun kaliyan yen mlebet wewangunan sanes?
Satunggaling dinten kula nate mlebet ing satunggaling greja ingkang namung prasaja kemawon kawontenanipun, nanging tumata rapi lan resik. Nembe mbikak kori lajeng mlebet kula saged ngraosaken bilih Gusti Allah dedalem ing ngriku. Kula saged ngraosaken kamulyanipun Gusti ingkang prasaja. Manah raosipun ayem, ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi manah ingkang tentrem lan temen. Greja menika saestu dados papan pamujan. Mesthinipun inggih mekaten menika ingkang dipun ngandikaken dening Gusti Yesus.
Nanging kosokwasulipun, kala-kala kula mlebet greja sanesipun boten saged rumaos kados ing inggil. Sababipun, altar greja mboten sumunar. Lampunipun boten dipun urubaken. Raosipun kados ningali pasuryanipun Gusti ingkang pucet, peteng, boten wonten kabingahan lan katresnanipun. Ribawanipun Gusti Allah boten saged karaosaken. Temah pamuji ingkang klair ugi kirang temen, boten kanthi gumolonging manah.
Kados pundi greja panjenengan? Kita sedaya, warganing pasamuwan, prayogi atur pamrayogi murih kamulyan lan katresnanipun Gusti saged karaosaken dening sedaya ingkang lumebet ing ngriku. Langkung saking menika, kita sedaya dadosa warga langkung-langkung pradataning pasamuwan kedahipun tansah tumindak lan nggadhahi patrap (sikap) ingkang “resik” lan tumata. Sedaya penggalih, pangraos, pitembungan lan polah tingkah ingkang negatif kedah kabucal. Contonipun, “golek pangalembana”, “pepinginan diajeni”, “ngarep-arep berkah”, “pethitha-pethithi”, ngereh tiyang sanes. Menika kedah kita bucal wiwit saking lebeting manah kita ngantos ing lairipun. Ingkang kedah dipun udi namung memuji Gusti lan nedahaken kamulyanipun Gusti kemawon. Kamulyan namung kagema lan konjuka Gusti Allah. [ST]
Wujuding greja dados dalem pamujan gumantung tumindak lan pangraos kita.
http://www.gkjw.web.id/dalem-pamujan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar