Selasa, 04 November 2014

Seneng-Senep Tetep Nduweni Gusti



Waosan : Habakuk 3 : 1 – 10  |  Pamuji : KPK 157
Nats: “Ana kang sumorot pindha cahya, soroting cahya saka ing sisihe, ingkang nasabi kakiyatane” [ayat 4]

Sinten ingkang boten nate nampeni kasunyatan ingkang awrat?
Menawi sedaya nate, sumangga kita sinau saking Habakuk.
Nabi Habakuk gesang lan lelados ing salebeting kasunyatan ingkang awrat dipun mangertosi. Habakuk piyambak kasuwur kanthi sebatan “Nabi Bingung”. Habakuk bingung lan pitaken dhateng Gusti Allah, kenging punapa Gusti Allah kados-kados kok mendel kemawon nalika kaculikan, piala tuwin tiyang ingkang mblunthah tansaya kathah (Habakuk 1: 2-4). Habakuk kados-kados dumugi ing tingkatan iman ingkang “kritis”.

Kalih piwucal ingkang saged kita sinau tumrap gesangipun tiyang pitados nalika ngadhepi kasunyatan ingkang awrat lan boten gampil dipun mangertosi: Sepisan, nganti-anti tumindakipun Gusti Allah kanthi tentrem utawi tenang (ayat 16b). Ingkang prelu dipun tengenaken boten ing bab nganti-anti kanthi pasif, nanging sikep ing salebeting nganti-anti kalawau, inggih “nganti-anti kanthi tentrem”. Kaagunganipun Gusti Allah tumrap samukawis sejatosipun saged dados lambaran ingkang kiyat lan alesan ingkang nyekapi kangge Nabi Habakuk supados saged tenang ing salebeting gonjang-ganjingipun kasunyatan.
Kaping kalih, tansah bebungah (17-19a). Habakuk ngrumaosi bilih ing salebeting panganti-anti kanthi tenang, kawontenan taksih tetep sami. Kangge bangsa Yehuda ingkang gesanganipun gumantung saking tetaneman (ayat 17), punika kasunyatan ingkang awrat. Wit anjir, woh-wohan, lan ugi lenga jaitun minangka produk-produk utami, ingkang ndadosaken paceklik. Kadosa pundi, kawontenan ing nginggil kalawau boten saged ngrampas raos bungahipun Habakuk. Awit kabingahan ingkang dipun alami boten gumantung dhateng punapa ingkang dipun paringaken dening Gusti Allah, nanging kabungahanipun Habakuk sauger nduweni Gusti Allah.
Habakuk rumaos cekap sanajan ta namung nduweni Gusti Allah kemawon minangka peranganing gesangipun. Kados pundi kula lan panjenengan, menapa Gusti Allah ugi saestu dados peranganing gesang kita? Yen pranyata makaten, kita mesthi tansah sesambetanipun kaliyan Gusti Allah.[Pong]
“Angger Sira Pracaya, Kalawan Ati Kang Legawa, Pangeran Gedhe Welase, Manungsa Sethithik Butuhe.”
http://www.gkjw.web.id/seneng-senep-tetep-nduweni-gusti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar