Selasa, 18 November 2014

Pangon



Waosan : Zakharia 11 :  4 – 7  |   Pamuji : KPK 12 : 1 – 5
Nats: “Pangandikane Sang Yehuwah Gusti Allahku mangkene: Sira ngengona pepanthan wedhus sembelehan iku” [ayat 4]

Gusti Allah paring dhawuh dhateng Zakharia supados ngengen menda. Wonten kalih jenis pangen ingkang mboten sami, inggih menika: Pangen ingkang sepisan kados ingkang dipun tindakaken dening Allah ingkang nampik (nolak) ngengen umatipun (menda kagunganipun), sebab para menda kalawau nampik Panjenenganipun (11:4-14). Pangen ingkang kaping kalih ugi kados ingkang dipun tindakaken dening Allah, inggih menika Panjenenganipun masrahaken para menda dhateng pangen ingkang jahat (11:15-17). Kangge nggadhahi gambaran bab pangen ingkang jahat ing Israel, kawaosa Yehezkiel 34.
Allah ngutus Zakharia supados dados pangen kangge para menda sembelehan. Kangge nindakaken tugasipun minangka pangen, Zakharia mendhet teken kalih. Ingkang setunggal dipun paringi nami ‘Kadarman’ (‘Kemurahan’) lan teken setunggalipun malih dipun sebut ‘Talenan’ (‘Ikatan’). Piyambakipun mendhet teken ‘Kadarman’ lajeng dipun tugel minangka tandha bilih prajanjian ing antawisipun Allah kaliyan umatipun dipun wurungaken (batal). Zakharia ugi nugel teken ‘Talenan’ kangge nedahaken bilih pasedherekan antawisipun Yehuda lan Israel dipun pedhot (11:14).
Kanthi setya Sang Mesias badhe ngengen umatipun Allah ing sadhengah kawontenan, langkung-langkung ing wekdal ingkang kebak pakewed lan ‘kekacauan’. Para menda kagunganipun kacawisaken supados sami siap ngadhepi pangadilanipun Allah.
Ing tahun 1900 wonten pujian basa Jawi ingkang dipung anggit dening C. Poensen (Penginjil saking negari Landi) ngangge sesirah ‘Lare angen’. Isi lagu kasebat nggambaraken jejibahan lan tanggel-jawabipun lare angen inggih menika: sadinten-dinten angen, wanci taksih remeng-remeng dhateng kandhang ngedalaken ngen-ngenanipun, lajeng dipun giring dhateng papan lempar kebak suket supados saged saba lan nedha. Lare angen kanthi setya nengga lan njagi, ngguyang (memandikan), lan ngresiki. Lah mekaten ugi Hyang Agung angen kita sami lan sampun samesthinipun kita ugi dados pangen kangge sesamining titah. [Esha]
“Pangon kang utama iku ngreksa menda klayan setya, tresna, lan asta kang rosa”
http://www.gkjw.web.id/pangon

Tidak ada komentar:

Posting Komentar