Rabu, 26 November 2014

Paseksi Ing Tengahing Pakewed



Bacaan : Lukas 21 : 12 – 19  |   Pamuji : KPK 71 : 1, 3
Nats: “Kowé bakal padha diadili ana ing papan-papan pangibadah lan dilebokaké ana ing pakunjaran. Kowé bakal dilarak lan diladèkaké ana ing ngarepé para ratu lan para pangwasa, merga saka Aku. Kuwi wewengan kanggo kowé nglairaké paseksimu bab Injiling Pangéran.” [ayat 12b - 13]
Wonten satunggaling prawan Kristen, awit sesambetanipun kaliyan satunggaling priya, nglairaken anak saderengipun neningkahan. Prawan ingkang sampun peputra menika kabujuk supados purun dipun rabi dening priya menika srana pindhah agami sanes. Nanging, nadyan ngalami pakewed lan sangsara karana nggadhahi anak tanpa neningkahan, prawan menika tetep ngekahi kapitadosanipun dhateng Gusti Yesus, mboten purun dipun rabi priya menika.
Waosan kita dinten menika nyariyosaken bab pakewed lan kasangsaran ingkang badhe dipun alami dening para sakabatipun Gusti Yesus. Ing ngriki Gusti Yesus paring dhawuh bilih pakewed lan kasangsaran menika malah dados wewengan (kesempatan) kagem para sakabat nglairaken paseksi bab Injiling Gusti. Lajeng kados pundi lan menapa ingkang saged dados paseksi?
  • Nadyan nandhang pakewed lan kasangsaran tetep mantep anggenipun  pitados dhateng Gusti Yesus Sang Juruwilujeng.
  • Nadyan nandhang pakewed lan kasangsaran tetep mantep anggenipun ngugemi bilih Injilipun Gusti menika yektos (benar),kados prawan ing inggil kalawau.
  • Menika dados paseksi yektos bilih Yesus Kristus menika Gusti Sang Juruwilujeng lan Injil menika pawartos tentrem rahayu.
Supados kita saged dados seksinipun Gusti menawi kita ngalami pakewed utawi kasangsaran, kita kedah ngantepi lan ngekahi kapitadosan kita. Pakewed lan kasangsaran amargi ndherek Gusti, menika sampun dados resiko. Kados makaping-kaping kadhawuhaken dening Gusti Yesus piyambak bilih sinten kemawon ingkang kepingin ndherek Panjenenganipun kedah purun nanggel resiko ngalami pakewed lan kasangsaran ing alam donya menika. Menawi kita tetep mantep pitados dhateng Gusti, kita tetep badhe saged tentrem lan bebingah ing satengahing pakewed lan kasangsara. [ST]
Gusti, mugi Paduka nyantosakaken kapitadosan kawula ing tengahing pakewed lan kasangsaran!
http://www.gkjw.web.id/paseksi-ing-tengahing-pakewed

Tidak ada komentar:

Posting Komentar