Senin, 10 November 2014

Mirengaken lan Cariyos



Waosan : Yoel 1 : 1 – 13  |   Pamuji : KPK 192 : 1, 2, 4
Nats: “He para tuwa-tuwa, padha ngrungokna, he, para wong saisine nagara, padha nilingna! Sajegmu urip utawa ing jamane para leluhurmu apa tau ana lelakon kang kaya mengkene iki? Anak-anakmu padha caritanana lelakon iku, nuli anak-anakmu genten nyritakake marang anak-anake, lan putumu iya nyritanana marang turune.” [ayat 2, 3]

Sampun samesthinipun, tetiyang ingkang sampun nate mirengaken cariyos saking tiyang sanes lajeng nyariyosaken kangge tiyang sanes. Lelampahan makaten menika saged sengaja menapa boten sengaja. Kados kula rumiyin nate dipun cariyosi simbah kula lajeng cariyos menika kula cariyosaken dhateng anak-anak kula.
Kados mekaten ingkang kalampahan ing adatipun para tiyang Ibrani, ing wekdal menika sami nguwuh kanthi sora supados sami ‘mirengaken’. Ing wekdal nabi sampun mirengaken sabdanipun Gusti Allah, piyambakipun kedah martos-martosaken kangge tiyang sanes. Pitepanganipun lumantar sabdanipun Gusti Allah boten nate namung kangge kita piyambak kanthi egois. Pitepangan menika mbekta tangel jawab tumrap tiyang sanes. Bokmenawi menika ingkang dipun tandhesaken ing Prajanjian Enggal kados ingkang kacathet ing Rum 10 : 9: ” Sabab, manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu.”
Yoel sampun mirengaken Pangandikanipun Gusti Allah, pramila piyambakipun kedah cariyos. Pangeran Yehuwah wus ngendika, “sapa kang ora medhar wangsit?” (Amos 3:8). Israel sampun mirengaken pangandikanipun Yoel, lan  Israel saged menapa boten saged kedah nyariyosaken dhateng para anak-anakipun. Karana kemajengan informasi dereng ketingal majeng, tamtu informasi efektif namung cariyos. Lan menika kedah kacariyosaken maturun-turun. Tamtu karana samenika langkung majeng lan langkung kathah alat informasi, sadaya alat ugi saged dipun agem kangge nyariyosaken bab pakaryanipun  Gusti ingkang sampun lumampah ing gesangipun manungsa maturun-turun. [Bpur]
“Manungsa menika manungsa, yen saged lan purun nyariyosaken lelampahanipun dhateng tedhak turunipun.”
http://www.gkjw.web.id/mirengaken-lan-cariyos

Tidak ada komentar:

Posting Komentar