Jumat, 18 Oktober 2013

Aja Nampik Supaya Ora Katampik

Waosan : Lukas 10 : 13 – 16
Pamuji KPK 148 : 1, 2, 3
Nats : “Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengane kang ngutus Aku” [ayat 16b]
Katampik punika rak ateges mboten dipun tampi! Mendah sedhih lan sakit ing manah yen kita ngantos katampik dening sesami lan lingkungan kita. Wonten maneka warni alesan ngantos wonten tiyang ingkang dipun tampik, ing antawisipun status, drajat, pangkat, kasugihan, pangertosan, suku bangsa, agami, kapitadosan, lsp. Bab nampik lan katampik punika rak mboten dados cita-cita lan pilihan gesang kita sami. Sebab, nampik lan katampik ndadosaken pigesangan karaosaken mboten tentrem lan rahajeng.
Kitha Khorazim punika mapan celak seganten Galilea, kirang langkung 3 km ing sisih leripun kitha Kapernaum. Tirus dan Sidon punika kitha-kitha ingkang dipun besmi dening Gusti Allah minangka ukuman jalaran kadursilanipun (mirsanana Yeheskiel 26-28).
Kitha Kapernaum minangka papan pangkalanipun Gusti Yesus ing salebeting makarya ing tlatah Galilea. Kitha Kapernaum mapan ing persimpangan ingkang penting, ingkang dipun langkungi dening para dagang lan prajurit Romawi. Pramila kitha Kapernaum dados kitha ingkang strategis kangge martosaken bab pakaryanipun Allah. Sebab, badhe dipun pirengaken dening tiyang kathah lan malah saged ugi dipun gethok tularaken ing papan-papan tebih dening tiyang-tiyang ingkang pating sliwer ing kitha Kapernaum.
Ewasemanten, kathah penduduk kitha Kapernaum ingkang mboten mangertos bab mujizatipun Gusti Yesus lan mboten pitados dhumateng Panjenenganipun. Malah kitha Kapernaum kalebet ingkang badhe ngakimi lan nampik Gusti Yesus.
Kita perlu waspada, sebab mboten dados jaminan yen celak sacara lair (cap utawi stempel Kristen) kaliyan Gusti Yesus badhe otomatis nampi lan pitados dhumateng Panjenenganipun. Kita mbetahaken sikap tulus, andhap asor, lan manjing pitados supados mboten katampik. Amin. [Esha]
Nyawisna papan mring Gusti, aneng sajroning ati”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar