Sabtu, 12 Oktober 2013

Papan Pandhereke Gusti Yesus

Waosan :  Wahyu 7 : 9 – 17
Pamuji  :  KPK  321 : 1, 2
Nats : “Amarga bakal padha diengen sarta diirid menyang tuking banyu kauripan dening Sang Cempe kang ana satengahing dhampar iku.”[17a]
Ing wulan Juli kepengker wonten lindhu ingkang kedadosan ing Aceh. Kathah griya ingkang risak sarta boten saged dipun panggeni malih. Boten namung kurban bandha nanging ugi kurban jiwa. Karana lindhu, para warga gesang ing papan-papan pangungsen, ingkang temtunipun boten sekeca. Perkawis bencana alam lindhu pancen boten saged kanyana-nyana, boten wonten tiyang ingkang sumerep. Ingkang saged katindakaken namung waspada lan siaga. Bencana alam ingkang murugaken pepejah lan sirnaning bandha donya punika ngengetaken kita bilih ing alam donya punika boten wonten ingkang langgeng.
Kitab Wahyu punika kawastanan kitab eskatologis, ingkang isinipun martosaken bab jaman pungkasan / kelanggengan. Yokanan ingkang dipun paringi paningalan (penglihatan) ing Patmos paring paseksi kados ing waosan punika. Bakal dumugi wancinipun tiyang saking sakathahing bangsa lan basa ingkang kakempalaken ing ngarsanipun Sang Kristus. Tiyang ingkang ngagem jubah putih tansah ngluhuraken lan memuji Gusti karana sampun luwar saking sangsaraning donya lan pinaringan kawilujengan langgeng ing swarga. Kasisahan lan karibetan salebeting gesangipun sampun purna awit sihipun Gusti Yesus.
Reraosan punika ngengetaken kita, bilih gesang ing donya punika namung sawetara. Wonten gesang langgeng ingkang kaparingaken dhateng kita para panderekipun Gusti Yesus. Kasisahan lan karibetan ing alam donya punika boten langgeng. Sedaya ingkang kita sanggi ing donya punika bakal luwar. Gusti Yesus sampun rawuh kangge nebus dosa-dosa kita. Mekaten ugi Gusti Yesus sampun tindak dhateng swarga nyawisaken papan kangge kita para panderekipun ingkang setya. Ingkang dipun kersaaken Gusti supados kita punika tetep setya dhateng Gusti salampahing gesang ing donya. Kita tetep makarya lan nindakaken sedaya tanggel jawab kita kanthi kebak pangajeng-ajeng dhateng Gusti. Sarana kita pitados bilih Gusti Yesus sampun nyawisaken papan ingkang langgeng kangge kita sedaya para umat kagunganipun. Amin. [AR]
Uripe manungsa ing donya iku mung mampir ngombe


Tidak ada komentar:

Posting Komentar