Selasa, 08 Oktober 2013

Pangabekti Kang Nengsemake

Waosan : Wahyu 4 : 1 – 11
Pamuji : KPK 4
Nats : “Anadene makluk mau saben-saben padha ngunjukake pamuji lan pakurmatan tuwin puji sokur marang panjenengane kang lenggah ing dampar….” [ayat 9]
Iba endahipun swasana ingkang kaserat ing waosan kita dinten menika. Saking dampar suci medal piwucal-piwucal endah, lan saking para tiyang suci/ tiyang-tiyang pitados klair saos sokur lan pamuji. Kraos sanget wonten swasana ingkang regeng ingkang nuwuhaken bingahing manah.
Menapa ugi mekaten nalika panjenengan mlebet ing pangabekti ing dinten Minggu, kanthi temen kita nggatosaken piwucalipun Gusti lumantar pelados, lajeng kita nglairaken kesanggeman kita nindakaken dhawuhipun lumantar kekidungan? Saiba endahipun menawi kita mlebet ing pangibadah Minggu klayan manah ingkang temen-temen cumadhang nampi lan nggegilut pangandikanpun Gusti.
Namung emanipun, wonten kemawon sedherek ingkang nalika mlebet dalem pamujan ingkang dipun tengenaken sanes manah nanging nalar. Lan nalika pangabekti purna, ingkang klair: “Khotbahe mau ora nggenah, ora cetha blas, karepe apa! Apa maneh wong-wong yen nyanyi nggarai tambah ngantuk!”
Kadosipun radi mokal menawi kita badhe manggihaken pangibadah ingkang sampurna. Ing pundi kemawon mesthi wonten kekiranganipun. Sanadyan mekaten, kita tetap saged ngraosaken endahing pangabekti. Kadospundi? Inggih menika menawi kita purun nengenaken manah ingkang resik ingkang namung katujokaken kagem ngluhuraken asmanipun Gusti lan ngraosaken endahing patunggilan. Manah sampun bingah nalika kepanggih kaliyan sesamining tiyang pitados lan malah saged memuji Gusti sesarengan. Umpami kotbahipun pelados boten cetha, tetap rumaos bingah awit sampun mireng pangandikanipun Gusti kawaosaken. Mila, sumanga tansah nyawisaken manah kita saderengipun kita mlebet ing pangabekti Minggu. (smdyn)
“Pangibadah dados endah srana manah ingkang lembah lan bingah.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar