Rabu, 16 Oktober 2013

Padha Sukarenaa, Awit Karahayon Kang Saka Allah Wus Nekani Sira.

Waosan : Wahyu 12 : 1 12
Nats : Ayat 12
Pamuji: KPK 141
Wiwit manungsa dhumawah ing dosa, manungsa gesangipun dipun kwasani dening iblis (Yun: diabolos, Ibrani: Satan), ingkang nggadhahi teges: ”tukang fitnah”, nasaraken tiyang sajagad. Ing waosan kita kagambaraken naga, ingkang badhe memangsa Putra ingkang miyos saking wanita.
Ing sauruting gesang tansah wonten memengsahan ing antawisipun Sang Mikael (malaekat ingkang ngayomi umatipun Allah Dan 1:12) kaliyan naga ingkang kabantu dening para malaekatipun. Ananging naga (iblis/setan) mboten kuwagang nglawan, wasana kasoran. Pirantos ingkang ngawonaken/ ngasoraken naga kalawau inggih punika panebusanipun Sang Kristus. Umat kagunganipun Gusti ugi ndherek ngraosaken panebusan punika srana nyekseni pangwasanipun Gusti Allah ingkang milujengaken gesangipun. Naga ingkang katelukaken dening Mikael dados gegambaran iblis ingkang dipun telukaken dening Gusti Yesus, ingkang murugaken para umat kagunganipun nampi “kemenangan”.
Kebabaring Kratonipun Allah ingkang kawiwitan srana panebusan ing kajeng salib, cunduk kaliyan piwucalipun Yokanan lan Paulus, bilih seda lan wungunipun Gusti Yesus dados pratandha bilih iblis sampun kakawonaken lan madeging kratonipun Allah kanthi sedaya berkah-berkahipun. Iblis/setan mboten saged malih nindakaken fungsinipun, karana Gusti Yesus sampun unggul ing yuda, kamardikan, katentreman lan kawilujengan kaparingaken dhateng para umatipun kanthi lelahanan (gratis).
Gesang ing pangwasanipun iblis murugaken kita sami nandhang sangsara, nandhang cilaka, kagantungan ing karisakan lan pati. Ananging panebusanipun Sang Kristus murugaken kita sami nampeni lan ngalami karahayon ingkang langgeng. Sami bebingaha! Tansah bebingaha ing sadhengah kawontenan! Kabingahan kita saben wekdal lan ing sadhengah kawontenan dados paseksi dhateng tiyang sanes, nedahaken agunging sih katresnan lan pakaryanipun Gusti. Amin [SS]
Kabungahan kan tan kendhat dadi pratandha tumrahing sihe Gusti kang lumintu.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar