Senin, 28 Oktober 2013

Pangadilan Kang Adil

Waosan : Wahyu 20 : 7 – 15  |
Pamuji : KPK 133
Pangadilan dados papan tiyang sami ngupadosi kaadilan. Punapa ing pangadilan punika estu pinanggih kaadilan? Mesthenipun mekaten. Ananging mbokmenawi saged kemawon mboten mekaten. Punapa ing donya punika wonten pangadilan ingkang saestu adil putusanipun?
Kita sami pitados bilih ing wekasaning zaman badhe wonten pangadilan ingkang ngadili sedaya tiyang ingkang gesang malah ingkang sampun tilar donya. Sang Yesus Kristus badhe rawuh ingkang kaping kalih lan jumeneng dados Ratu Adil Panata Panetepgami. Inggih Sang Kristus punika ingkang badhe ngasta pangadilan ingkang putusanipun saestu adil tumraping sedaya manungsa ing jagad punika tanpa mawang tiyang, tanpa mbedak-mbedakaken setunggal-satunggalipun sinten tiyang punika lan kadospundi tiyang punika.
Kawontenanipun jagad ngadhepaken rawuhipun Sang Kristus ingkang kaping kalih, worsuh sanget. Manungsa sami dipun kwasani dening iblis, matemah manungsa sami ngumbar hawa napsunipun, sami nasaraken lan dipun sasaraken. Iblis ingkang nasaraken manungsa lajeng kaukum dening Allah.
Langit lan bumi sirna dados pratandha langit lan bumi ingkang enggal kawiwitan. Allah jumeneng dados Hakim. Tiyang ingkang gesang lan ingkang pejah (katangekaken) dipun adili, ing pundi kemawon tiyang kalawau sami kakubur lan kadospundi kemawon caranipun pejah. Pangadilan ingkang katindakaken dening Allah adhedhasar pandamelipun piyambak-piyambak kados kaserat ing kitab (pangadilan kados ingkang kaserat ing Daniel 7:10).
Sinten ingkang naminipun mboten kaserat ing kitab kauripan (kitab ingkang isi nami-nami tiyang ingkang kawilujengaken), kacemplungaken ing Segara Geni (api yang kekal-Mat 25:41), ingkang kawastanan “kematian yang kedua” ><  (lelawananipun) gesang langgeng (Mat 25:46). Boten wonten tiyang ingkang remen lan ngajeng-ajeng kacemplungaken dhateng Segara Geni. Pramila sumangga kita tampeni kawilujengan peparingipun Gusti ing Sang Kristus kanthi saos sukur ingkang kawujudaken ing pandamel ingkang ajrih asih dhateng Allah. Amin [SS]
“Patrap ajrih asih dhateng Gusti nglestantunaken kawilujengan kita.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar