Kamis, 10 Oktober 2013

Kesempatan Kedua

Waosan : Lukas 9 : 7 – 9
Pamuji : KPK 125 : 1, 2
Nats : “… Sapa Wong iki, kang wis kawartakake mangkono iku? Tumuli ngudi bisane ketemu karo Gusti Yesus.” [ayat 9]
“Kesempatan tidak datang dua kali.” Punapa panjenengan setuju kaliyan pamanggih punika? Kesempatan pancen mboten wongsal-wangsul mampir ing gesang kita. Lan emanipun boten sedaya manungsa saged ngginakaken kesempatan punika kanthi sae, malah sok dipun jaraken liwat.
Herodes nembe kemawon ngraosaken ewah-ewahan gesang, nggih punika remen mirengaken piwucalipun nabi Yokanan Pembaptis. Ananging kanthi astanipun piyambak, Prabu Herodes ugi tega mejahi Yokanan Pembaptis karana kapotangan janji dhateng putrinipun. Kasedhihanipun ngetingalaken bilih sejatosipun Prabu Herodes punika ngraosaken gagal. Gagal ndherek swantening manahipun ingkang sampun manggihi tentrem rahayu ingkang sejatos. Wekdal mireng wonten pribadi ingkang kados Yokanan, inggih punika Gusti Yesus, manahipun dados gumregah lan rumaos kepingin saged pinanggih kaliyan Gusti Yesus. Karana, Prabu Herodes sampun mireng pawarta bab tumindakipun Gusti Yesus ingkang ngeram-eramaken.
Kesempatan tamtu wonten ing gesang kita. Kesempatan dados tiyang sepuh, kesempatan dados mahasiswa, kesempatan dados Mejelis Pasamuwan, punapa malih kesempatan dados putra-putranipun Gusti. Mboten sedaya tiyang pikantuk kesempatan ingkang sami kaliyan kita lan dereng tamtu kesempatan punika saged wonten malih. Sampun ngantos getun karana kita nglirwakaken kesempatan ingkang dipun paringaken dening Gusti dhateng kita.
Sumangga kita ginakaken kesempatan punika kanthi sasae-saenipun. Awit kesempatan saged dipun ginakaken kangge ningali sepinten kuwalitas (ajining) dhiri kita. Kejawi punika, kesempatan ugi dados wekdal nggetuni punapa ingkang kalampah lepat ing wekdal ingkang sampun kepengker. Saben dinten kita pinaringan kesempatan pinanggih kaliyan Gusti Yesus. Sampun ngantos kita liwati kesempatan punika. Srana sowan lan pinanggih kaliyan Gusti, kita pinaringan tuntunan lan kekiyatan ngalami gesang kita ingkang tumuju dhateng rumentahing berkah. [PKS]
“Aja nyepelekake kesempatan kang ana!


Tidak ada komentar:

Posting Komentar