Rabu, 30 Oktober 2013

Gampang Goreh Atine

Waosan: Lukas  11 : 42  46  |
Pamuji : KPK 223
Nats : Cilaka kowé wong Farisi! Ana ing sinagogé kowé padha seneng lungguh ngarep, papan sing disedhiyakaké kanggo wong penting, lan kowé seneng diurmati déning wong ana ing pasar-pasar. [ayat 43]
Sawetawis kathah warganing pasamuwan manawi dhateng Greja, boten purun lenggah wonten ngajeng, kepara malah minggir. Dipunwastani imanipun ugi minggir lan kirang ing raos kapitayan diri. Boten sedaya pandumuk menika leres. Wiwit alit kita sampun kawulang supados caos urmat dhateng tiyang sanes awit kalenggahanipun ing bebrayan, ing pasamuwan, yuswa sepuh, lsp. Menika boten nedahaken asoring diri (rendah diri), nanging nedahaken lembah manah (rendah hati). Sawangsulipun, boten ateges tiyang ingkang lenggah ngajeng menika lepat tur nilar tatakrami. Sedaya gumantung raos ingkang anyurung diri. Tiyang ingkang pados nami tur pingin dipun ajeni, mesthi pados lenggah ing ngajeng tur kanthi rongeh (tolah-toleh, ngguya ngguyu, mesam-mesem).
Kados tiyang Farisi, ingkang remen nampi pakurmatan, seneng kabombong. Mbokbilih Gusti ing waosan menika badhe melehaken awit tindakipun tebih saking karsanipun Allah (ay 42). Kacariyos, Gusti Yesus anggenipun dhahar boten kanthi wijik rumiyin, lan semunipun ngundhamana dhateng tiyang Farisi. Satemah sawijining ahli Toret mangsuli kanthi radi nesu bilih ingkang dipun tindakaken Gusti Yesus menika ateges ngremehaken tiyang Farisi. Awit kebak karep supados pikantuk pangalembana, malah-malah ingkang dipun tampi saking Gusti Yesus namung panacad sarta pamaido, mila tansaya langkung goreh atinipun (sakit hati). Nanging dhawuhipun Gusti Yesus cetha sanget bilih tiyang Farisi sagedipun ngemoti sesangganipun tiyang sanes, dene piyambakipun boten purun cawe-cawe, tebih saking raos peduli ing sanes.
Sumangga naliti manah kita! Menapa anggen kita dados paladosing pasamuwan menika pancen sumadya nampi timbalan, menapa kepingin nampi pakurmatan saking tiyang sanes? Menawi kanthi lembah manah mesthi badhe nampi kanugrahan raos tentrem, lan boten gampil goreh ati. [masto]
Kapribaden kita mantep kanthi ngaosi diri awit pinter nglenggahaken diri.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar