Selasa, 22 Oktober 2013

Milih Prekara Sing Becik

Waosan : Lukas 10 : 38 – 42
Pamuji : KPK 248 : 1
Nats : “Marta, Marta! Kowé kuwi répot mikiraké barang sepirang-pirang. Mangka sing prelu kuwi mung siji! Déné Maryam iki wis milih prekara sing becik dhéwé, sing ora bakal kapundhut saka dhèwèké!” [ayat 41-42]
Ing satengahing kotbah dinten minggu, pak Penditha mundhut pirsa dhumateng pasamuwan: “Menawi wonten satunggaling sedherek ingkang rawuh wonten dalem panjenengan amargi badhe curhat sedaya perkawis ingkang awrat ing salebeting gesangipun. Kados pundi anggen panjenengan nampi sedherek punika?” Ingkang setunggal wangsulan: “Nampi rawuhipun sedherek menika kanthi cecawis unjukan kopi, jajanan, lan ugi dhaharan.” Sanesipun wangsulan: ”Nampi sedherek punika kanthi cecawis ingkang limrah kemawon, ananging badhe nggatosaken curhatipun sedherek punika kanthi sabar lan badhe ngaturi pitedah menawi dipun betahaken.” Pak Pendhita lajeng ngendika malih, “Sinten ingkang badhe merespon pitakenan kula?” Satunggaling warga matur kanthi suanten ingkang sora, “Kula setuju ingkang nomer kalih Pak Pendhita, amargi ingkang dipun betahaken sedherek menika inggih menika rencang kangge curhat lan ingkang mengertosi perkawis menika lan kersa maringi margi kangge solusinipun (margi pangluwaran).” Pak penditha ngendika, “leres lan saestu sae wangsulan panjenengan.”
Waosan dinten punika inggih nggambaraken dhumateng kula lan panjenengan, bilih Maryam sampun nglampahi ingkang leres lan ugi milih prekawis ingkang becik. Maryam mirengaken dhawuh pangandikanipun Gusti Yesus. Dhawuhipun Gusti menika aji sanget. Lan Gusti ngersakaken kita mirengaken lan ngugemi dhawuhipun. Ingkang dipun lampahi Marta boten klentu, ananging kekathahen prekawis temah kesupen utawi malah nyepelekaken dhawuhipun Gusti Yesus ingkang aji. Adatipun yen badhe nampeni utawi kapanggenan Kebkatian Patuwen / Kelompok / Rumah Tangga, tiyang dados repot sanget nyawisaken kathah prekawis. Menika boten lepat, nanging dados boten prayogi yen lajeng boten saged mirengaken kanthi sae dhawuhipun Gusti nalika kawedhar, karana sampun loyo utawi taksih repot. [DG]
“Peladosan dados prayogi yen dhawuhipun Gusti kapirengaken.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar