Rabu, 02 Oktober 2013

Rewel

Waosan : Lukas 7 : 31 – 35
Pamuji : KPK 106
Kula pitados bilih kita sedaya sampun nate mireng, mbokmenawi malah nate nglagokaken nyanyian ingkang ngemu ukara “Ngene salah, ngono salah: rewel.” Awit ukara punika kapethik saking lagu ingkang sampun kawentar.
Paribasan (ngapunten): ngewuhake silit dikukur, ora dikukur gatel, yen dikukur kudu….. nggambaraken tiyang ingkang tansah nganyelaken utawi nggatelaken manah. Tiyang ingkang ndablek, mboten nggadhahi raos tepa slira, mboten maelu dhateng kawontenanipun asanes. Paribasan: didekek ngarep nylenthik-nylenthik, didekek mburi jegali.
Kasunyatan nedahaken mboten sekedik tiyang ingkang pancen ewed, rewel, ngantos tiyang sanes rumaos kewedan ngrangkani. Waosan kita ugi nggambaraken kawontenan ingkang mekaten punika, ngantos Gusti Yesus dhawuh ing ayat 31: Wong jinis iki bakal dak upamakake apa lan apa padhane? Nalika Yokanan Pambaptis rawuh, panjenenganipun mboten dhahar roti lan ngunjuk anggur, kawastanan keranjingan dhemit. Kosokwangsulipun nalika Gusti Yesus rawuh lan makarya ing jagad punika, Gusti Yesus dhahar lan ngunjuk, kawastanan: wong grangsangan lan karem anggur, kancane para juru mupu beya lan wong dosa.
Ayat-ayat punika paring piwulang dhateng kita:
§  - Bilih ing sauruting gesang mesthi wonten tiyang ingkang mekaten punika. Kita mboten perlu nggumun lan kaget.
§  - Kita kedah saged nampi kasunyatan punika. Sinambi nyenyuwun mugi-mugi kita katebihaken saking sikaping gesang ingkang mekaten punika.
§  - Kita kedah saged nampi kanthi kawicaksananipun Allah, awit kawicaksananipun Allah ingkang mesthi kaleresaken dening tiyang ingkang nampeni.
Ngene salah, ngono salah: rewel. Kita nyuwun kakiyatan lan kawicaksanan saking Gusti, supados kita mboten kagolong tiyang ingkang makaten punika. Amin [SS]
Gusti mugi paring kekiyatan supados kawula mboten dados tiyang rewel!


Tidak ada komentar:

Posting Komentar