Jumat, 04 Oktober 2013

Wani Nresnani

Waosan : 1 Korinta 16 : 10 – 24
Pamuji : KPK 106 : 1, 3.
Nats :  “Padha dibakuh ing pengandel! Padha dikendel lan disantosa, lan pegawéanmu kabèh lakonana kanthi katresnan.” [ayat 13 - 14]
Ing pungkasaning serat 1 Korinta menika Rasul Paulus paring piweling dhateng warga pasamuwan Korinta. Piweling menika minangka kesimpulan saking sadaya isining serat menika. Ing ngriki Rasul Paulus pesen supados warga pasamuwan Korinta sami nindakaken sadaya padamelanipun kanthi katresnan. Katresnan dados punjering piwucalipun Rasul Paulus wonten serat menika (1 Kor. 13).
Pangandel ingkang bakuh boten wonten paedahipun menawi boten kabuktekaken kanthi katresnan. Kekendelan (keberanian) badhe mbebayani menawi boten kasurung klayan katresnan. Nanging katresnan boten badhe saged tumanja lan kasunyatan menawi boten wonten kekendelan lan santosaning pangandel. Bukti wujuding katresnan mbetahaken kekendelan; kekendelan nanggel bebayanipun (resikonya). Karana kadhangkala nandukaken katresnan tiyang kedah nemahi pepalang lan malah kasangsaran. Kadhangkala niyatipun nresnani, nanging malah lajeng dipun sengiti, dipun singkiraken dening tiyang sanes. Nresani menika mbetahaken kekendelan kekurban. Malah wonten pitembungan “nulung malah kepenthung.” Pramila saking menika boten sekedhik tiyang ingkang gagal mujudaken katresnanipun, enggan mujudaken katresnanipun karana ajrih utawi boten wantun nanggel resikonipun. Pramila kangge nresnani tiyang sanes mbetahaken santosaning niyat lan tekad.
Supados kita nggadhahi kekendelan lan santosaning niyat lan tekad nresnani sesami, kita kedah ngantebaken kapitadosan kita. Kados pundi marginipun? Inggih menika srana sregep sinau saking tumindakipun Gusti lan saking Kitab Suci, kados sregep maos Pancaran Air Hidup (PAH) menika saben dinten. Margi sanesipun nggih menika tansah sesambetan kaliyan Gusti lumantar pandonga saben enjing lan dalu, lumantar pangabekti ingkang kanthi trusing manah. Srana antebing kapitadosan kita malah saged kaluwaran saking raos ajrih lan kuwatos, saha ngalami gesang ayem tentrem lair lan batos. Amin. [ST]
“Gusti mugi ngantebaken iman kawula lan nyantosakaken niyat lan tekad kawula nresnani.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar