Rabu, 08 Oktober 2014

Aja Lamis !



Waosan : Lukas 11 : 42 – 46  |   Pamuji : KPK 43 : 1, 2
Nats: “…amarga kowe padha ngemoti gegawan kang ora bisa kaangkat marang wong, nanging kowe dhewe ora nganti ndumuk gegawan iku kalawan drijimu siji bae” [ayat 46]
Mbokmenawi kita asring mireng tembung “lamis” (munafik) ing satengahing pigesangan punika. Sae punika ing satengahing gesang pasamuwan utawi ong satengahing gesang sesrawungan kaliyan tiyang kathah. Pancen, tansah wonten tiyang-tiyang ingkang lamis. Kados dene ing jaman Gusti Yesus makarya. Malah-malah, ingkang lamis punika sanes tiyang-tiyang ingkang limrah (biasa), nanging para ahli Toret lan tiyang Farisi. Sejatosipun, para ahli Toret lan tiyang-tiyang Farisi menika kedah saged nindakaken sedaya ingkang dipun ngandikakaken. Nanging para ahli Toret lan tiyang Farisi punika malah mboten purun nindakaken. Pramila Gusti Yesus nutuh (mengecam) tiyang-tiyang menika. Gusti Yesus duka dhateng tiyang-tiyang menika sanes amargi mboten remen, nanging supados para ahli Toret lan tiyang Farisi saged nyadari bilih ingkang langkung utami ing gesang punika sanes namung pangatag, ananging tumindak ingkang sae.
Sae ing jaman Gusti Yesus makarya, ing jaman sakmangke, Gusti  ugi tansah ngersakaken kita sedaya supados kita saged nindakaken patrap ingkang sae ing gesang padintenan. Menika nedahaken bilih kita menika tansah ngugemi sedaya dhawuhipun Gusti. Pancen, bab punika awrat kita lampahi. Nanging sumangga kita tansah sinau sekedhik mbaka sekedhik ing saben dinten, saha nyuwun kakiyatan saking Sang Roh Suci. Gusti Allah pirsa karingkihan manah kita. Gusti badhe paring kekiyatan dhumateng kita. Lan, sampun ngantos kita terjebak kados dene tiyang-tiyang Farisi lan para ahli Toret, ingkang saged paring dhawuh ananging mboten saged nindakaken. Saged nuturi tiyang sanes ananging mboten saged nindakaken.
Dados lamis menika sanes timbalan kita. Dados tiyang ingkang purun sinau nindakaken dhawuh pangandikanipun Gusti, punika timbalan kita ing satengahing pigesangan punika. Amin. [CS]
“Wong lamis ora bakal dipercaya dening Gusti.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar