Kamis, 02 Oktober 2014

Nyenyuwuna lan Ngupayaa!



Waosan : Lukas 11 : 5 – 13  |   Pamuji : KPK 79 : 1, 3
Nats: “Mulane aku pitutur marang kowe: Nyenyuwuna, temah bakal kaparingan; padha ngupayaa, temah bakal oleh, padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan!” [ayat 9]

Meh saben tiyang Kristen mesthi nate utawi malah asring ndedonga. Wonten ingkang ndedonga kanthi sora, makantar-kantar, kanthi “polah” astanipun. Wonten ingkang ndedonga kanthi bisik-bisik, sidhem permanem lan ngapurancang.
Ndedonga mboten namung nyenyuwun lajeng kaparingan, ananging ugi kedah kinanthenan saos sukur, manembah, lan memuji Gusti. Kajawi saking menika menawi kita nggatosaken ayat 9: “nyenyuwuna… ngupayaa… thothok – thothoka….” cetha sanget bilih Gusti Yesus ngersakaken kita tansah sesambetan kaliyan Panjenenganipun saben wekdal ing pandonga kita. Ing ayat menika Gusti Yesus paring piwucal dhateng para muridipun, wonten tigang langkah ingkang mendasar ingkang perlu katindakaken dening para murid supados temen-temen gesang ing pandonga: nyenyuwun, ngupaya, thothok-thothok. Ananging emanipun, kathah tiyang Kristen ingkang kecalan wewengan (kesempatan) lan berkah-berkahipun Allah karana nglirwakaken pandonga. Asring ing pandonga kita namung nyuwun supados  Gusti minangkani menapa ingkang kita suwun, kita kesupen bilih selajengipun kita ugi kedah mbudidaya: ngupayaa, thothok-thothoka.
Conto: nalika siswa SMU ngrancang badhe lumebet kuliah, menapa ingkang badhe kelampahan menawi piyambakipun namung lenggah ing kursi lan ndedonga: “Gusti, Paduka tedahaken dhateng kawula, kampus pundi ingkang Paduka kersakaken kangge kawula?” Menika pancen salah satunggaling tumindak ingkang sampun leres, miwiti srana ndedonga, ananging menapa ingkang badhe kelampahan menawi siswa menika namung lenggah ing kursinipun? Piyambakipun mboten nate sesambetan kaliyan kanca-kancanipun, mboten dhateng kampus, mboten ningali ing web site, lsp. Piyambakipun namung lenggah ing kursi nengga wangsulan saking Gusti. Sampun tamtu mboten badhe wonten bab-bab ingkang kelampahan. Pramila padha nyenyuwuna…ngupayaa…thothok-thothoka. Amin [SS]
“Syarat pertama doa adalah keheningan . Manusia doa adalah manusia keheningan.” [Bunda Teresa]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar